Selasa, 17 Desember 2013

Legenda Jaka Poleng

Kacarita ana wong enom bagus tur gagah, jenenge Laksito. Laksito pegaweyane ngopeni jarane bupati Brebes. Kanjeng Bupati seneng karo asil kerjane Laksito sing sregep lan resikan.
Ing sawijining waktu, kaya padhatan, Laksito menyang sawah saprelu golek suket kanggo pakane Gambir, jarane Kanjeng Bupati. “Bi, nyong maring sawah disit ya!” Laksito gemboran pamit karo Bi Ojah, bature Kanjeng Bupati sing lagi uprak-uprek ing pawon.”Iya cah bagus, ati-ati yah?!” bibine mangsuli karo isih ibut uprak-uprek, ora nglinguk maring Laksito.
Nggawa arit karo karung, Laksito mlaku ngecak galengane sawah saprelu golet suket-suket sing rungseb tur ijo. Anjog ning lapangan, dheweke mbatin, “Ehm, ning kene kyeeh sukete ijo-ijo nemen, mesti si Genta dokoh mangane.” Terus Laksito wiwit mbabadi suket-suket sing ana ing ngarepane. Sapisan-pisan, Laksito ngusapi keringet ning batuke sing dleweran nganggo tangane. Laksito terus mbabadi suket kaya ora duwe kesel.
Sawise olih suket sakarung kebek, Laksito kaya biyasane ngaso sangisore wit gedhe. Diombe banyu kendi sing digawa saka ngumah. Keringete gemrobyos seawak sekojur. Laksito leyeh-leyeh, gelelengan karo kipas-kipas nganggo godhong jati sing tiba sekang uwite.
Nalika Laksito arep merem, dheweke weruh ana ula poleng sing ana mahkota emase ning endhase. Laksito dadi penasaran, ngetutna ula kuwe. Kanthi lon-lonan Laksito mlaku supaya ora diweruhi ula kuwe. Ula kuwe akhire mandheg neng rerungseban. Laksito melu mandeg. Mripate mentheleng mandengi ula poleng sing lagi nglungsumi. Pirang menit sabanjure, akhire kulite ula kuwe nglocop. Laksioto nyedhaki papan nggone ula mau nglungsumi ning ula kuwe lunga. Terus kulit ula poleng mau dening Laksito dijukut. Laksito banjur balik maning neng panggonan golek sukete lan nerusna pegaweane amarga paling ora kudu entuk rong karung kanggo makani Si Gambir.”Uh, akhire rampung tur kebek juga. Balik ah, wis ngelih.” laksito mbatin karo naleni karung loro kuwe. Sawise Laksito ngasoh sedelat banjur bali menyang omah.
-~=oOo=~-
“Bi, aku ngelih, Bi, pan mangan,” Laksito ngomong karo Bi Ojah. “Lha, To, kowen ning endi?” Bi Ojah gemboran amarga kaget. “Nyong ning iringane Bibi!” ujare Laksito eram.
“Aja guyonan lha, To.. Bibi ora weruh kowe neng kene,” Bi Ojah rada keweden.
“Nyong neng kene, Bi…” Laksito nyauti karo nyekeli tangane Bi Ojah.
Bi Ojah kaget ora kira-kira waktu ngerasakna tangane ana sing nyekeli tapi ora katon jruntunge. Bi Ojah langsung gemboran manjing ning padepokane Kanjeng Bupati, wadul karo kanjenge.
Ora suwe, Bi Ojah balik maning maring pawon karo Kanjeng Bupati.
Neng endhi, Bi?” takone Kanjeng Bupati penasaran karo ceritane Bi Ojah.
“Ampun Kanjeng, suarane neng kene miki.” Bi Ojah nyoba ngeyakinake Kanjeng Bupati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar