Asal-usule jeneng KuthaKaliwungu iku
miturut cerita turun temurun saka getihe Sunan Katong lan Pangeran
Pakuwojo kang blaber ana ing kali lan banyu kali mau wernane malih
wungu. Ceritane Sunan katong iku petinggi ana ing sawijining kerajaan
saka negeri cina, teka ana ing tlatah kaliwungu arep nyebarake agama
islam ing Kaliwungu. Dene Pangeran Pakuwojo iku uga mantan petinggi
Kadipaten bawah kerajaan majapahit kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu ing
wektu kuwi. Ana ing sawijining dina antarane Sunan Katong lan Pangeran
Pakuwojo ana kesalah-pahaman. Pangeran Pakuwojo nesu ora karu-karuan
marang anak wadone kang ora gelem miturit apa karepe Pangeran Pakuwojo.
Banjur anake Pangeran Pakuwojo mau lunga saka omah lan njaluk
perlindungan karo Sunan Katong. Kanepsone Pangeran Pakuwojo saya ndodro
amarga ngerti yen anak ana sing melindungi yaiki Sunan Katong. Miturut
Pangeran Pakuwojo Manawa wis wani mlindungi anake berarti nantang
deweke. Senjata kerise Pangeran Pakuwojo wis lolos saka rangkane lan
kanthi kanepson kang makantar-kantar langsung nancepake keris mau ana
ing awake pawongan kang nglindungi anake wadon mau, yo ora liyo yaiku
Sunan Katong. Sunan katong iku sejatine gurune Pangeran Pakuwojo,
berarti Pangeran Pakuwojo mateni gurune dewe. Sakwise sadar lan deleng
Manawa kang dipateni iku ora liyo yo gurune dewe, sak nalika awake
Pangeran Pakuwojo awake lemes. Sak nalika iku Pangeran Pakuwojo nyuwun
pangapura marang guruneiku, lan marani gurune iku mau terus sujud ana
ing samparane utawa sikile Sunan Katong. Kanthi sisa tenaga kang isih
Sunan Katong Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo mati sampyuh. Sanajan
Pangeran Pakuwojo iku muride Sunan Katong ananging Pangeran Pakuwojo iku
wis nalingsir saka bebener amarga deweke wis melu lan nyinau ilmu
hitam. Dadi rong pawongan kang beda aliran iku mati bareng yaiku aliran
putih lan aliran hitam.
Getih kang metu saka awake
Sunan katong wernane putih lan getih kang metu saka Pangeran pakuwojo
wernane abang semu ireng amarga deweke wis nyinau ilmu hitam utawa
ngilmu ireng. Getihe Sunun Katong lan Pangeran Pakuwojo mau nyampur dadi
siji yaiku getih putih campur karo getih sing wernane abang semu ireng.
Getih mau mblaber ana ing sawijining kali sing wernane malih dadi
wungu. Ana ing akhire zaman panggonan iku diarani Kaliwungu saka
tembung “kali” yaiku panggonan kanggo perang antarane Sunan Katong karo
pangeran Pakuwojo ana ing sacedake sawijining kali. Tembung “Wungu”
yaiku getih kang mbleber ana ing sawijining kali yaiku getihe Sunan
Katong kang wernane putih lan getihe Pangeran Pakuwojo kang wernane
abang semu ireng kang campur dadi siji ndadekake kali mau wernane dadi
wungu. Iku mau asal-usule salah sijine tlatah ana ing kabupaten Kendal
yaiku Kutha Kaliwungu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar