Cariyos punika kapendhet saking tlatah Dusun Sendangmulyo , kecamatan Tembalang Kota Semarang .
Cariyos punika mboten dipun mangertosi
kala punapa kadadosanipun , ananging ngantos sapunika masyarakat wonten
ing tlatah punika taksih sami percados cariyos punika .
Cariyosipun makaten .
Rikala tlatah
Sendangmulyo taksih sepen , taksih arupi wana kathah wit – witan ingkang
ageng . Tiyang – tiyang menawi badhe kekesahan mboten wantun piyambakan
, amargi mergi ingkang dipun liwati sepen tur mboten rata ugi menawi
ndalu peteng ndhedhet . Kejawi kawontenan ingkang taksih sepen amargi
taksih arupi wana , wonten ing papan punika ugi kathah begal , ingkang
asring nyegat lan nyuwun kanthi peksa dumateng sinten kemawon ingkang
ngliwati mergi punika .
Pinuju ing salah satunggaling dinten ,
wonten ing papan punika , wonten rombongan ledhek liwat . Rombongan
punika nembe kemawon wangsul saking tanggapan ing sak kidulipun
Sendangmulyo . Suwau rombongan punika radi rangu – rangu rikala badhe
wangsul ngliwati mergi punika , ananging mboten wonten mergi sanes ,
tur wekdal sampun saya dalu . Kamangka dinten ngenjang kedah ngayahi
tanggapan wonten ing panggenan sanes .
Golonging rembag , rombongan tetep wangsul dalu punika lan ngliwati mergi punika ugi .
Mboten antawis dangu saking papan
panggenan ingkang nanggap , wonten mergi rombongan ledhek dipun cegat
begal . Sedaya ingkang dipun bekta dipun suwun kanthi rudhapeksa .
Ananging rombongan punika mboten gampil maringaken punapa ingkang dipun
bekta , awit sedaya wau minangka piranti lan asillipun anggenipun
nyambut damel .
Cekaking cariyos rombongan ledhek kawon ,
ingkang saya ndadosaken sedhih lan sungkawa , salah satunggaling Kenya
saking rombongan ledhek wonten ingkang tiwas , nalika ndherek bandayuda
ngukuhi punapa ingkang dipun bekta . Saksampunipun begal angsal punapa
ingkang dipun kersaaken , begal kesah nilaraken rombongan ledhek
punika tanpa nggadhahi raos welas .
Rombongan ledhek sami bingung kados pundi
caranipun mbekta wangsul jisimipun kenya ingkang tiwas punika ,
kamangka griyanipun tebih .wonten salah satunggaling rombongan ingkang
mrayogaaken , saupami jisimipun kenya punika dipunsareaken wonten
papan punika kemawon ? sak lajengipun pamrayogi punika dipun
sarujuki, bilih jisimipun ingkang tiwas dipun sarekaken / dipun kubur
wonten ing papan punika . Rombongan nglajengaken lelampahan malih .
Sak sampunipun kedadosan punika wonten
ing dinten tartamtu , menawi ndhalu watawis tabuh 01 .00 - 02.00
wonten ing papan punika asring kapireng swanten gamelan . Lajeng
masyarakat wonten ing sak kupenge tlatah punika percados bilih swanten
gamelan punika asalipun saking kuburipun jogged ledhek punika . mila
panggenan punika dipun wastani “ KUBURAN JOGED “ .
Leresipun papan punika wonten ing nglebetipun Lapangan Golf Sendangmulya , Tembalang , Semarang .
Cariyos punika dipun andharaken dening :
Bapak Nur Rohman , yuswa 67 tahun ,
ingkang dalemipun wonten ing Dusun Klipang / Dadapan Kelurahan
Sendangmulya , kecamatan Tembalang , Semarang .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar