Kocap kacarita, jaman biyen ana kaluwarga
kang uripe ana ing sapinggire alas karet lan alas jati. Alas mau katon
peteng amarga wit-witane gedhe-gedhe lan singup. Ananging mbah Sura lan
bojone ora wedi. Deweke wis biasa urip ana ing pinggir alas mau.
Mbah Suro karo nyi Sabrang urip ayem
tentrem , tansah antut runtut kaya mimi lan mintuna. Kaluwaga kuwi ora
duwe tangga teparo, Panggaweyane mbah Sura tani, Saben esuk-esuk bubar
subuh mbah Sura lunga menyang tegalan saperlu anggarap tanah kanggo
nandur palawija, pari gaga lan sapanunggalane, nyi Sabrang biasane uga
melu ngancani mbah Sura budhal bareng esuk jam lima uga
Ora kaya padatsabene. Esuk kuwi mbah Sura
budhal menyang tegal dewekan, nggawa pacul lan arit piranti kanggo
tetanen.nyi Sabrang durung rampung anggone nggawe sarapan, mula ngomong
marang mbah Sura yen bakal nyusul menyang tegal yen wis rampung
masake utawa matengan.Mbah Sura budhal dewekan lewat sapinggiring ngalas
tumuju tegal.
Ora let suwe nyi sabrang nyusul bojone
menyang tegal. Nyi sabrang lewat pinggir dalan sing seje karo dalan kang
dilewati mbah Suro saben dinane. Nyi Sabrang mlaku alon –alon karo
nyangking rantang kang isine sega, jangan lan lawuh sacukupe kanggo
sarapan mbah Suro lan nyi Sabrang dewe.
Nyi Sabrang mlaku karo tekenan . Teken
digunakake nalika mengko arep nyabrang kali kang ana kedunge. Ora
nganti rong jam suwene nyi Sabrang tekan sapinggire kedung.Nalika arep
nyabrang Nyi Sabrang diendhekake karo pawongan. Pawongan mau takon
marang Nyi Sabrang, “ Heh wong tuwa !, mandheka dhisik “,apa sing tak
gawa kuwi ?, Nyi Sabrang banjur noleh karo kandha, “ aku nggawa sarapan
kanggo bojoku “,Begal mau banjur ngomong meneh, “ aku njaluk apa sing
tak gawa kuwi, entuk tak jaluk, ora entuk tak rudapeksa ! “. Nyi
Sabrang ora menehake rantang mau, cekaking crita begal karo nyi Sebrang
rebutan rantang kang isine sarapan kanggo mbah Suro. Gandeng rebutan
ana ing sisihe kedung mau, sega kang digawa dening Nyi Sabrang numplak
lan njegur ana kedung mau, Nyi Sabrang muntap marang begal kang ngadang
lakune lan njaluk peksa apa kang digawa, mula teken sing dikecel dening
nyi Sabrang digebugake marang begal mau. Durung nganti kena nang awake
begal mau, teken direbut dening begal mau banjur diuncalake ana liya
desa, karo ngucap “ teken kang dakuncalalke ana liya desa iku mbesuk
bisa dadi pratanda yen desa kuwi suk yen ana rejane jaman tak jenengake
desa “Gondoriya,suk masyarakate bakal urip makmur salawase”.Nyi Sabrang
uga ora gelem kalah mula banjur melu ngomong, “ aku uga arep menehi
tetenger yen mbesuk ana rejane jaman desa iki tak jenengake desa
Kedungpane, amarga sega sing tak gawa numplak lan jegur ing kedung.
Begal mau banjur mlayu ninggalake Nyi
Sabrang menyang desa liya kang diarani desa Jatibarang. Nyi Sabrang
nerusake laku nyusul bojone menyang tegalan. Sauwise tekan lan ketemu
bojone Nyi Sabrang banjur crita yen deweke mentas diadang begal kang
ngrebut sarapan kang digawa. Mbah Sura nampa lan narima apa kang
dikandhakake dening bojone mau. Wong loro mau banjur nggawe sarapan
kanthi bakar pawetu ing tegalan kang ditandur karo mbah Suro.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar