Selasa, 17 Desember 2013

BRANDHAL NOYO GIMBAL

Noyo gimbal kuwi sawijining brandhal ing laladan Rembang. Sabenere jenenge ora Noyo Gimbal, nanging Noyo sentika. Amarga rambute dawa tur ora kaurus kaya wulu wedhus mula  wong-wong padha ngundang Noyo Gimbal.Kena apa kok Noyo Gimbal dadi brandhal? Critana mengkene.
Noyo Sentika ya Noyo Gimbal ing wektu kuwi sawijining sesepuh desa ing desa Kapasan kecamatan Sulang, sing gething banget karo penjajah Landa. Ing sawijining dina Noyo Sentika katimbalan ngadhep dening Wedana Sulang. Sawise ngadhep,dheweke diprentah dening Wedana Sulang bebarengan karo masyarakat Kapasan nandur janggleng. Janggleng kuwi wit jati kang lagi thukul,dene mengko yen wis gedhe kudu dipasrahake marang panguasa Landa. Noyo Sentika puguh ora gelem nindakae dhawuhe Wedana Sulang, saengga kekarone nuli padha padudon  nganti Wedana Sulang tumekaning pati. Wiwit dina kuwi Noyo Gimbal dadi buron panguasa Landa.
Ngelingi dheweke saiki dadi buron, mula Noyo Gimbal enggal mlayu lan nyaru dadi rakyat biasa ing sadhengah papan.ing pangumbarane dheweke tansah ngajak pandhereke perang nglawan Landa.
Ora krasa pangumbarane Noyo Gimbal lan pendhereke tekan sawijining papan ing lor Sulang. Ing kono Noyo Gimbal nemokake akeh suket kang malang ing tengah dalan. Noyo Gimbal banjur ngendika, “ lho rumput kok malang ing tengah dalan,mbesuk yen ana rejaning jaman desa iki dakjenengke RUMBUT MALANG”. Saiki desa rumbut malang mapan ing saelore Sulang.
Ing Rumbut Malang iki anggone nyaru Noyo Gimbal dikonangi dening pendhereke Pangeran Sido laut kang wektu kuwi minangka Bupati Rembang. Enggal wae Noyo Gimbal sapendhereke nerusake laku menyang ngetan. Tekan sawijining panggonan Sing akeh tanduran gedhang, dheweke leren ngaso dhisik.Sawise dadi papan sing rame, papan kuwi dadi desa “Gedhangan”.
Sawise ilang sayahe,Noyo Gimbal lan pendhereke nerusake laku ngalor,nganti tekan pinggir segara..Noyo Gimbal eram merga akeh wong golek tirem,kamangka ing segara lak akeh banget iwake kok malah pilih golek tirem. Kanggo pangeling-eling, yen ana rejaning jaman Panggonan iku dijenengke desa TIREMAN, saka tembung tirem.
Panguasa Landa kang tansah golek sisik melik kanggo ngrangket Noyo Gimbal,banjur utusan Demang Waru,kang sabanjure bisa nemokake Noyo Gimbal banjur dadi perang ing antarane wong loro kuwi. Pungkasane Demang waru unggul ing yuda.Noyo Gimbal arep dikepruk nganggo gada, nanging sadurunge sida ngepruk,niat kuwi diwurungake nalika weruh Noyo Gimbal sedulur sapegurone dhewe. Kanggo pangeling-eling panggonan kuwi sateruse dijenengake desa GODO.
Meruhi Demang Waru wurung ngrangket Noyo Gimbal, panguasa Landa murina.banjur prentah marang Bupati Rembang kanggo ngrangket kekarone. Ananging sadurunge bisa ngrangket kekarone wis ilang ora ana sing meruhi. Panggonan kanggo ngilang kekarone ngalih dadi panggonan suwung kang diarani “ Tegal Sekethik “.Panggonan iki miturut warga sakupenge saiki dadi panggonan kang wingit lan kerep kanggo nenepi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar