“Aku iki wis kesel
dibanding-bandingke meneh karo Citra. Wes cukup semene wae aku wis ora pengen
kancanan meneh” grundele Sarah karo nangis sesegukan ana kamar. Kepiye ora serik,
kepiye ora lara, menawa pepujaning ati sing wis suwi disenengi Sarah kelakon
karo Citra. Kanca cedhake dhewe.
Ana SMA N 15 Semarang, ana wong
loro sing raket banget. Jenenge Sarah karo Citra. Loro-lorone ayu, wis pokoke
dadi ikon ana sekolah kuwi. Apa maneh ket kelas siji wong loro kuwi wis
bareng-bareng. Angger ana wong weruh mesthi setuju yen wong loro kuwi ayu.
Padha ayune. Nanging Citra kuwi ket mlebu dhisik ana SMA N 15 wis dadi model
ana majalah-majalah. Kadhang dadi model iklan, kadhang maneh dadi model jilbab.
Pancen yen didelok-deloki Citra kuwi luwih ayu tinimbang Sarah. Nanging mbuh
yen ayune Citra kuwi merga pinter macak tinimbang Sarah.
Aku dhewe seneng karo Citra, merga
aku iki wedok, ya jenenge ora seneng nanging ngefen. Lha piye kok ano wong ayu,
terkenal, modhel, apikan sisan ana SMA iki. Nalika istirahat, aku ora weruh
Citra, mung Sarah lagi lungguh dhewekan. Tak cedhaki Sarah lan tak jejeri.
“Lho Rah, kancamu sing ayu nangdi?”
pitakonku karo Sarah.
“Sapa? sing ayu ki ya mung aku thok
Sa neng sekolah iki, ora ana liyane, haha. Ora-ora guyon, Citra ana pemotretan
nang majalah olga, biasalah artis kan sibuk. Mbuh saikine Citra dadi sibuk
banget seploke dadi iklan produk rokok ana jakarta wingi. Padahal ya isih
sekolah nanging kok ora wedi yen keteteran pelajarane. Yo karang cah pinter,
ujian yo Citra isih iso nggarap, rak ketang nyonto aku sitik-sitik Sa, haha. La
koe kok yo dhewekan, biasane karo gengmu kae..?”
“Geng oposih, haha sejak kapan aku
nduwe geng, wong ya kancanan biasa wae kok.”
“ooo... ngono tho.. yawis sa, karo
aku wae kene. Kancani wong Citra ora mangkat, aku ya males yen dikon
nggabung-nggabung karo geng-geng sing kemayu-kemayu kae. Mbuh rumongso ayu opo
pie ya sa, haha..”
Sak ngertiku wong sing paling
kemayu sak sekolahan ki ya Citra karo Sarah, nanging kok ya Sarah isih ngarani
yen bocah-bocah kae pada kemayu. Ya lumrah yen cah SMA isih ayu-ayunan kaya
ngono, nanging tetep sing paling kemayu ya kembar mayang Sarah karo Citra.
Dina-dina sakwise kuwi, aku lungguh
ana jejere Sarah yen Citra ora mangkat. Aku dadi saya cedhak karo Sarah.
Suwe-suwe kok dadi kancanan raket. Yen Citra mangkat sekolah, aku tetep karo
Sarah merga wis kadung cedhak. Mbuh kepiye aku ora isa cedhak karo Citra,
nanging apa-apa Sarah cerita karo aku. Aku lagi reti yen Sarah iki seneng karo
Randy, anake wong sugih sing ana ing kelas XIB. Kelas sebelahku. Wonge pancen
ganteng lan dadi idolane para kanca-kancaku. Nanging Sarah iki wis cedhak karo
Randy, SMS e Randy dicritakake marang aku.
“Aku ki kadang gregeten karo Randy,
jane ki wonge seneng karo aku apa ora sih, ket kelas X ya wis cedhak. Wis ana
setahun, nanging kok wonge ora pernah ngomong yen wonge seneng karo aku. Piye
ya sa, ngono iku?” critane Sarah marang aku.
“Lha Citra ngerti gak?”
“Ya Allah Alsa, aku gak wani cerito
masalah iki nang Citra, Citra terus sing cerita masalah cah lanang neng aku.
Aku isin yen cerita masalah aku seneng karo Randy, lapiye, Randy yen
dibandingake karo pacar-pacare Citra ya kalah adhoh. Aku isin mending ora usah
cerita lah.”
“Ya ora lah, Randy kan sugih,
bagus, orapapa sih cerita karo Citraa”
“Ora lah sa, sesuk wae yen wis
jadian. Aku ya mung di PHPni terus ngono kok”
Aku lan Sarah meneng. Ana neng
pikirane dhewe-dhewe. Enak ya dadi Sarah, isa cedhak karo wong populer ana ing
sekolah iki. La aku? Pacaran karo kakak kelas, ora pati bagus yen dibandingake
karo Randy.
“Alsa...”
“Napa Rah?”
“Ewangi aku golek cara ngungkapke
perasaanku neng Randy ya?” Sarah ndeloki aku karo berharap. Aku rak nyangka
Sarah bakal ngomong ngono. Saiki aku reti apa sing dirasakake Sarah. Tak pikir
selama iki Sarah iki wong sing gengsinan, kemayu, rak gelem bergaul yen ora
karo wong sing sederajat. Jebul kabeh sing tak pikir kuwi salah. Sarah dudu
wong sing koyo ngono. Buktine sarah gelem kancanan karo aku. Nyatane Sarah
kepikiran nyatakke perasaane karo Randy.
“Neng bali wae to, pas isih
piknik...” usulku.
Dina piknik teka,Sarah nulis puisi
ana kantonge. Aku, Sarah, lan Citra lungguh bareng cah telu. Ana hotel bali,
ana taman ngarepe kolam sing katon apik. Bengi sakdurunge turu, aku lan Sarah
weruh Randi lungguh ana pinggir kolam. Randi isih dolanan Hpne.
“Pye Sa, aku rono ki?”
“Yo toya! La po meh mbok balangke
puisine yo rakpopo, aku iklas. Tapi sakdurunge aku meh tekok, kowe tenan seneng
tho?”
“Iyo bos, seneng, asem ya. Haha”
Aku mundur lan lungguh ana ngarep
kamar. Tak sekseni Sarah mlaku lan mandheg ana mburi wit-witan mburine Randi.
Sarah maju mundur kaya ragu-ragu. Sedurunge mlaku, Sarah malah ndodok ana
ngisor wit-witan. Bar kuwi ngadek maneh. Suwi banget. Sedurunge Sarah maju
maneh, ana Citra mlaku lan ujug-ujug njejeri lungguhe Randi. Aku sing maune
lungguh ngarep kamar melu nyedhaki si Sarah.
Sarah ngomong karo suara
bisik-bisik.
“Aku ki mau wis arep maju, wis
mantep lho Sa, ning kok ora ngira ana Citra, piye iki Saa... huhuhu”
Wajahe Sarah ngenteni jawabanku.
Perasaanku dhewe ya ora enak kok ana Citra lungguh jejere Randi, ana apa bocah
loro kuwi? Apa ana hubungan khusus apa kepiye? Aku mung meneng neng ngarepe
Sarah. Wedi salah ngucap amarga perasaanku dhewe ya ora enak.
Aku lan Sarah ngrungokake
omong-omongane Randi lan Citra.
“Lintange akeh ya Ran, ora kaya
neng semarang, nalika madhep langit, mesthi mendhung”
“Iyo, aku wis suwi banget kepingin
kaya ngene iki karo kowe Cit, nanging kowe sibuk terus”
“Ngapurane ya Ran...”
“Cit, aku seneng karo kowe ket
kelas siji, gelem rak, kowe dadi pacarku Cit?”
Randi ndeloki Citra. Nanging Citra
ora jawab. Citra mung mesem. Sarah tak deloki mripate abang lan kaya wis ameh
netes eluhe. Sarah mlaku bali menyang kamar. Aku ditinggal Sarah dhewekan. Aku
ngetutake Sarah ana kamar. Sarah nangis ana bantal. Pengen rasane ngeneng-neng
nanging aku dhewe ya ora kuat menawa masalahe wis kaya ngene iki. Aku turon
jejeri Sarah lan tak lus-lus rambute. Nganti sakjam nangis, Citra durung ketok
mlebu kamar. Sarah isih nangis ana bantale. Aku mung iso meneng nanging ora iso
turu. Ora reti kepiye sing kudune tak lakoni. Nanging sing cetho, Citra isih
pacaran karo Randi ana jaba. Let sedhiluk Citra mlebu kamar.
“Lho Sa, Sarah kenang ngapa koh
nangis?”
Aku mung gedhek-gedhek.
“Koe kenang ngapa Rah, ko nangis?
Cerita lah karo nyong”
Sarah ora gelem jawab. Nangise
malah tambah seg-segan. Nek tak sawang-sawang wajahe Sarah nalika nangis dadi
luwih ayu tinimbang Citra. Aku meneng thok, wedi salah ngomong. Citra suwi
banget ana kono tekok kenapa Sarah bisa nangis.
“Rah, kowe nganggep aku kanca apa
ora sih?! Aku iki sahabatmu Rah ket SMP. Suwene iki kowe rak tau ono masalah
sampe koyok ngene. Saiki ana masalah koyok ngene kowe ora gelem cerita. Jane
kowe nganggep aku kanca apa ora. Apa masalahmu iki sing nyebabake aku? Jawab
kenapa sih Rah? Kowe barang Sa, kowe reti tho masalahe Sarah? Kenapa sih wong
loro pada nutup-nutupi kabeh saka aku? Aku iki sapa? Apa aku iki wong liya? Sampe
kudu ditutup-tutupi ngene saka aku?”
Luhe Citra netes. Citra nangis.
Lagi iki aku weruh primadonane sekolah nangis. Sarah sing maune turu saiki
lungguh njejeri Citra.
“Koe ki kancaku sing paling ayu,
aku ki kagum karo kowe ket mbiyen Cit, aku ki pengen dadi kowe. Lhawong sing
tak senengi wae senenge karo kowe. Aku iki benci karo awakku dhewe Cit, aku
benci!!”
Aku nangis ngrungokake
tembung-tembunge Sarah.
“Rah, nek apa sing ana ning awakku
marai aku kelangan kowe, marai kowe rak seneng karo aku, aku emoh Rah dadi
koyok ngene. Rah, aku janji, aku bakal mandeg dadi ayu Rah, aku bakal mandeg
dadi ayu meneh.......”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar