Selasa, 18 November 2014

puisi geguritan pribadi

Ibu...
anakmu kang dak wanti wanti..
Kang dak kawatirake..
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki...
Iki anakmu..
Kang durung isa nyenengke ibu..
Kang durung bisa nyenengke keluarga..
Kang isih dadi tanggunganmu ibu..
Nanging ibu..
Anakmu iki bakal banggakke ibu..
Banggakke keluarga kabeh..
Anakmu rak bakal nyerah bu..
Kanggo nyekel lintang ana langit..
Kang kadhang ditutup mendhung..
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh..
Nanging anakmu iki janji ibu..








Senajan nyekel buku wae ngantuk..
Gayane nyekel rokok neng ngarep kanca2..
Ben diarani sangar..
Metu bengi-bengi jalan-jalan karo pacar..
Ben diarani payu..
Nanging ana krenteg atine..
Pengen banget bisa sukses..
Isa oleh ipk kumlot..
Isa gage olih kerja sing bener..
Kuwi awakmu nang..
Kang ora bisa nahan nafsu senenging donya..
Nanging aku salah..
Awakmu iki..
Saiki wis isa nahan nafsu senenging donya..
Lan padhanging donya isa katon ing mripatmu..










Layang batin kang ora bakal pernah kok woco..
Aku arep ngilang sakwetara..
Menawa setahun nanging ora merga wong liya..
Merga aku kudu fokus ngadepi perkara..
Perkara kang wis suwi dadi kekarepan ati..
Kang ijih ora kena diganggu sapa- sapa..
Aku arep jaluk ngapura..
Menawa ilange awakku marahi sliramu lara..
Nanging aku iki wis tuwa..
Lan aku durung olih apa-apa saka uripku iki..
Aku nyuwun ngapura...














Kok marahi awakku iki rak ceto..
Fesbuk iku apa..
Kok marahi wong-wong dadi kentekan wektu..
Jarene jejaring sosial..
Nanging kok ngedohake saka wong-wong kang cedak..
Jarene sarana hubungan..
Ning kok marahi wong rasa-rasa nyekel gawean..
Trus dinding fesbuk kuwi apata..
Kok pada sambat ana kana..
Apa pada lali anane gusti kang nampa kabehe sambat..
Apa pada ora wedi kabeh wong reti masalahe?














Dalem namung tiyang kang lemah..
Kang boten saged mlampah piyambak..
Gusti..
Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil..
Tansah kegoda kesenengan donya..
Gusti..
Hamung siji panyuwunku..
Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti..
Duh Gusti..
















Langit iki rasane abot banget
Kaya wis entek mangsane srengenge
Kaya kudu nibakake abote ana kene
Ati iki wis ora ana tutuge
Luru srengenge..
Ngoyak padhange..
Nanging mega ya ora ana kesele
Ngadhangi dalane..
Nutupi sunare..
Isih ana angin,
Nanging apa kudu ngenteni angin?



Kang dak antu-antu dudu rupa bagusmu
Dudu esem kang ngujiwat kanggo aku
Nadyan kuwi bisa nentremake atiku
Aku mung lega nyawang senengmu
Sliramu tetep sliramu
Kangen nadyan tansah ketemu
Menenge awakku marang sliramu
Sapa reti bisa gawe renaning dinamu



Aku uga bisa nyopanake
Apa kang beda ing ragamu
Nadyan sliramu namung nangis
Nanging santun iki dak tetesake

Gandamu kang mbok cirikake
Iku ganda kang dak utamani
Sliramu pancen ilang
Ana ing langit, ora purun lamis

Menengmu, Tangismu..
Aku Reti...



Wengi iki kebak rasa sepi
Sepi nglangut sepa tanpa pagut
Samun ngrerujit anganyut-anyut
Jangkrik kang ngerik kaya aweh pemut
Klawan lelakon kang agawe suntrut

Kidung wengi mrambat talining maruta
Mecah swasana sungkawa
Manggih rasa kang beda
Nambani dhuhkita

Kidung wengi wanci tengah ratri
Mbaleni citra jaman kawuri
Kang kebak landheping eri
Eri marung gawe wurung
Nalika nandhang gandrung
Prasasat edan turut lurung

Wengi kang kebak rasa sepi
Mung kinancan donga puji
Nyaket mring ngarsane Gusti
Kang paring pepajar sayekti


Guru iku panutaning tingkah laku
Guru patut digugu lan ditiru
Guru ora butuh disubya-subya
Guru amung saderma melu mbangun negara
Lan...
Guru tansah ndedonga
Mugi tan ana kawula
Kang wuta sastra
Mula guru pancen wis trep
Oleh pisung-sung pahlawan tanpa tandha jasa

11. BOCAH-BOCAH
Dakdeloki saben isuk
Bareng karo ilange bulan ing langit
Bebarengan bocah-bocah kang gemruduk
Mangkat sekolah
Mertandhani Indonesia gemah-ripah
Kebak panganan

dakjumputi
Impen-impen
Ing dhadhane bocah-bocah
Supaya tansah sumringah bungah
Ora nganti kawirangan

Daksawang
Bocah-bocah ora ngerti
Marang ruwete kahanan
Ing padinan
Supaya gegadhan ora punggel
Atine mrepel tugel

Trubus-trubus iku
Supaya ngrembaka
Keturutan kang dadi panjangka mulya




12. WANGSULANA PITAKONKU
Kala semana asmamu dak eja
Kumandhang amber ngebaki dhadha
Kadheseg soroting netramu
Ngudhari tembang Asmaradana

Saiki
Asmamu wis dak apalake
Sliramu njarag ngluwari mbaka sawiji
Nganti ora bisa dak eja maneh
Lan semediku jugar
Jebul rumpil
Nempelake aksara kang wis kintir
Ing samodraning tresna

Wangsulana pitakonku
Apa isih ana angen-angen kang karajut
Sawise rembulan padhang kaping pitu?




13. WENGI
Wis tinulis ing tengah wengi
Sekabehing pangresahe bumi
Iki lelakone patih sengkuni
Kang nyoba medhar surasaning ati

Nalika tumibane bun-bun ing bumi
Dakcoba mbukak tatuning ati
Nalika aku mecaki dalan kang kebak pepali
Nalika angin wengi wis mati
Ana pitakon kang sajak nggodha ati
Aku Sengkuni
Apa iya isih bisa nyawiji marang gusti?




14. NGGENDHONG LALI
Aja gampang melik kahanan kang melok
Yen durung yakin bener lan penere
Tiwas dilabuhi naker ludira
Direwangi padudon karo tangga
Bot-bote ngukuhi mangka
Sing dikukuhi seneng mblenjani...

Wayah-wayahe milih wakil kanggo ngatur negara
Lumrahe wong cilik kanggo tameng
Sakabehing pocapane mung siji..
Wong cilik..
Rampung pilihan lali karo apa kang nate diucapake
Setali tiga uang sing tansah dadi kembang lambe ndisiki laline..
Pancen iku dadi tradisine wong cilik, kebak lali pangapurane
Sing sinimpen ing anggane mung kaluwarga lan partaine
Oalah begjane dadi wong cilik gampang disulayani
Ana sing isih anyar, bab BBM
Durung digedhong esuk sore demo mahasiswa
Buruh pating glembor salang tunjang polahe
Sawise digedhog,, sedina rong dina seminggu..
Adhem,ayem, ora suwala..
Lali lali lali sekabehane..
Wong cilik bisane mung nrima ing pandum




15. WARUNG LESEHAN TENGAH WENGI
Srengengemu wis kebacut meh angslup
Raga mung kari ragangan
Angete merga blonyohan lenga patra kang saiki wis rada langka
Netra wis ora cetha nrawangake dhuwit ana lampu bethetan
Ambegan wis mengkas mengkis luru cungkup
Parandene isih ndhempul rupa ora pakra
Ngganggo wedhak terbela lan benges menger kaya cengger
Ing warung lesehan tengah wengi
Aku nemokake sliramu lagi jogedan dadi sagopi
Nggembol penthil palsu, klayaban sadawane peteng kekes
Mblejeti kringet wangi peceren
Irenge wengi ora bakal obah
Senadyan kok gugah kareben gumregah
Impenku wis kebacut bubrah
Nalika swara adzan subuh wis mancal langit
Aku pamit karo nguncalake dhuwit
Patang ewu klonthang
Kanggo wedang teh sagelas lan gimbal rong cakotan




16. PAMUPUS
Pangimpen wis kadhung kabandhang wengi
Apa isih mantep ngaruhake kang ana sawah
Nalika nrabas pereng gunung Napas
Prenjak sore nggayer ing pang waru
Nembangake kidung kapang marang kembang asar
Sineksen sumiire angin ketiga

Jangkah kang nggiring ati kangen
Nggawa pangentha ngrajut panjangka
Parandene kang gumawang rasa ampang
Pancuran bening aweh pangiling-iling
Prasapa tansah ngranuhi
Kaya nalika sepisanan sapatemon

Dina-dina mbujug lakune mangsakala
Candhikayu ngrenggani liring netra
Nanging prenjak sore wis ora kekiter ing pager
Kumriciking sumber sendhang Plumpung
Dadi crita ginawa sangu ngumbara
Nunjem ing awang-awang batin

Rikala bun esuk kinekep rasa kapang
Wis ana kang nyilem ing kedhunging gurit
Suwara angin nyasak gegodhongan aweh sasmita
Cabaring ancas kang nate ginagas
Pranyata panjangka cengkah karo kang ginaris
Sinawang saka pusarane Eyang Bonokeling




17. DALAN
Yen sinawang saka kadohan
Katon edi, endah
Nengsemake ati

Urut pinggir tinanduran kitri
Menawa panas kanggo pangauban
Tumrap kang rumangsa sayah

Liwat dalan iki..
Aku dagang oleh bathi
Kepara turah, kabeh barang pengaji

Ya liwat dalan iki
Sikilku kecocrok eri




18. SURUP
Merga isih wengi
Akeh wong kang ora nggraita
Akeh wong kang ora nyana
Akeh wong kang pancen ora ngira
Lali lamun surup bakal tumeka

Merga isih esuk
Padha ketungkul angone suka pari suka
Padha ketungkul anggone luru bandha
Padha ketungkul anggone sembrana
Lali lamun surup bakal tumeka

Merga wus awan...
Srengenge lingsir lagi cancut taliwanda
Ajar ngibadah, caket mring kawasa
Nadyan kabeh mau mung samudana
Lali lamun surup bakal tumeka

Rasa getun lan nalangsa di kaya ngapa
Rasa nandhang sakabehing lelara
Kepangan yuswa kang pancen wis tuwa
Mangka dununge ngibadah durung pana
Lali lamun surup bakal tumeka
Duh Gusti, jebul surup wis tumeka.




19. MUSPRA
Sumilir angin pesisir
Nengsemake atiku
Sing kumanthil ing saben mangsa ketiga
Rina wengi ora nglegewa
Marang nasibku sing nrenyuhake
Ati kaya-kaya setengah mati
Awak iki nalika sira tengeri
Ana ing pucuking driji
Nanging ora bisa nyawiji
Swaraning beda carane
Nyembah Gusti lan dhhuwuring pager wesi
Kang direka daya mangsa
Kang kumawasa
Ora tepa marang sapadha-padha
Aku rila legawa
Sliramu bisa mrana-mrene
Njala iwak nyang segara
Kanggo nglalekake angen-angen sing wis muspra




20. KANGGO SLIRAMU
Apa sliramu ngerti
Grimis kuwi ngaling-alingi
Panyawang lan pangarep-arepku
Pasuryan sing sajak rangu

Apa sliramu ngerti..
Nalika awakmu jumedhul
Pamikirku dadi ngalor ngidul
Sliramu meneng ora suwala
Tanpa daya, dak anthuki sunaring netra

Apa sliramu ngerti..
Telung lembar layangku
Mider miber kanggo sliramu
Banget anggonku ngantu
Tan ana piwalesmu

Tulungana awakku..
Gawekna taman jroning kalbumu
Taman kapercayan
Taman sih ketresnan


2 komentar: