Selasa, 18 November 2014

soal bahasa jawa kelas VIII/1 UAS bhs krama

Soal-soal kelas VIII Semester 1

Wacan wonten ngandhap menika kangge mangsuli pitakenan no.1-3
Ing jaman dhisik ana kerajaan gedhe kang diarani Prambanan. Rakyat Prambanan ayem lan tentrem nalika dipimpin Prabu Baka. Nanging ing sawijining dina, kerajaan Prambanan diserang dening kerajaan Pengging. Prabu Baka lan pasukane gugur lan padha tiwas kena senjatane pasukan kerajaan Pengging. Kerajaan Prambanan saknalika gugur amarga penyerangan mendadhak saka kerajaan Pengging. Nalika Bandung Bandowoso ana ing kerajaan Prambanan, deweke ndelok putri sing ayu banget. Putri iku jenenge Roro Jonggrang, putrinipun Prabu Baka. Bandung Bandowoso banjur nglamar Roro Jonggrang saknalika.
Wenehana tandha (x) ing salah sijining aksara a, b, c utawa d ing lembar wangsulan kang cumawis!

1.      Tembung tiwas wonten ing wacan ing nginggil menika saged dipun gantos kaliyan tembung menapa?
a.       Tatu
b.      Memar
c.       Mati
d.      Semaput

2.      Sinten ingkang remen marang Roro Jonggrang?
a.       Patihe Prabu Baka
b.      Prabu Baka
c.       Patih kerajaan prambanan
d.      Raja saka kerajaan Pengging


3.      Kados pundi isi wacan wonten nginggil menika ingkang trep?
a.       Kerajaan Prambanan kaliyan Kerajaan Pengging menika musuhan amarga ngerebutaken Rara Jonggrang
b.      Kerajaan Prambanan Kaliyan Kerajaan Pengging Perang nanging Kerajaan Pengging ingkang menang
c.       Rara Jonggrang sampun dibetha(digawa) kaliyan bandung bandawasa saka kerajaan Pengging
d.      Rara Jonggrang melu gugur ana ing perang amarga dipateni kaliyan pasukane Bandung Bandawasa.



Wacan wonten ngandhap menika kangge mangsuli soal no. 4-5

Ing sawijining dina Raden Pandan Arang sarta para pandhereke nyumurupi bab kang nyalawadi. Ing lemah kang subur iku prenahe sela-selane tanduran tuwuh wit asem sing pating plencar arang-arang.
“He, sedulurku kabeh padha gatekna,” pangandikane Raden Pandan Arang marang para pandhereke. 
“Wonten menapa Raden?” Pitakone saperangan pandherek. 
“Sawangen! Ing sela-sela tanduran kang subur iku, tuwuh wit asem,” pangandikane raden Pandan Arang.

4.      Nilai luhur ingkang wonten ing legenda ing dhuwur yaiku...
a.       Murid ingkang taat lan patuh kaliyan Guru.
b.      Rasa sabar ingkang kedah dilatih saking alit
c.       Tanduran asem ingkang kedah dilestarekaken
d.      Kedah adil kaliyan sapadha-padha

5.      Asal usulipun kutha menapa ingkang dicritkaken wonten nginggil?
a.       Surabaya
b.      Jogjakarta
c.       Semarang
d.      Kudus

"GAMBUH"

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur
Polah kang kalantur
Tanpo tutur katulotulo katali
kadaluarso katutuh
kapatuh pan dadi awon
6.      Tembang gambuh wonten nginggil menika, watakipun...
a.       Ngresepake
b.      Galak
c.       Grapyak
d.      Pitutur
7.      Sekar gambuh ping catur
......................................
Tembung ingkang kaserat kandel menika, dasanamanipun ingkang leres....
a.       Kusuma, padma, kartika
b.      Padma, kartika, janma
c.       Kartika, gegana, kusuma
d.      Kusuma, padma, puspita
8.      Ukara “Kapatuh pan dadi awon” ateges.....
a.        Kang ala saged dados akibat ingkang ugi ala.
b.      Menawi gadhah sifat patuh kamangka bakal dados sae.
c.       Sifat kang sae kedah dipunlajengaje supados sae salaminipun
d.      Kita kedah patuh kaliyan guru lan tiyang sepuh kita.
9.      Isi saking teks tembang gambuh inggih menika...
a.       Kedah manut wongtuwa kalih
b.       Kedah sinau ingkang sregep
c.       . Kedah ninggalaken sifat ala
d.       Kedah duweni sifat hemat
10.  Pelajaran ingkang saged kita pelajari saking tembang Gambuh inggih menika...
a.       ngajaraken supados boten nerusaken sifat-sifat ingkang ala
b.       ngajaraken supados dados siswa ingkang sregep sinau
c.       ngajaraken supados taat ibadah lan boten kesed ndedonga
d.      ngajaraken supados boten kurangajar kaliyan guru.
                                                                    

Preinan Bada Idul Fitri, Omset Usaha Bakul ing Malioboro Nggayuh Rp 3 Yuta Sedinten

Yogyakarta, www.jogjatv.tv – Kajawi kangge silaturahmi kaliyan sanak sedherek, preinan Bada Idul Fitri ugi dipun ginakaken dening  para pemudik kangge plesir wonten ing tlatah Jogja, mliginipun Malioboro. Kathahipun pemudik  ingkang rawuh, dados  berkah kagem atusan bakul ing wewengkon Malioboro. Sadangunipun libur lebaran samangke, omset para bakul ing Malioboro nggayuh tigang yuta rupiyah sedinten.Sinaosa kedah sabar jalaran margi ingkang tumuju Malioboro macet, nanging kawontenan kasebat boten ngirangi minat wisatawan sarta para  pemudik kangge rawuh  ing  Malioboro. Miturut  para pemudik, nalika wangsul saking Jogja kedah mampir blanja ing Malioboro awit cumawis maneka tandha netra ingkang reginipun mirah, antawisipun bandul kunci lan kaos.Tumrap pemudik ingkang sampun bosen tumbas  bathik kangge oleh-oleh, samangke ing Malioboro  cumawis kaos khas Jogja, antawisipun kaos seratan Jogjakarta, sarta gambar ringgit lan  kaos sarimbit, ingkang reginipun murwat. Kaos ingkang bahanipun biasa reginipun Rp 15.000, dene ingkang bahanipun katun Rp 30.000-Rp 40.000.  Para bakul ing Malioboro mratelakaken, pinuju libur lebaran samangke  kaos ingkang dipun sade pajeng 100 ngantos 200 iji.
11.  Kenging menapa para wiatawan lan pemudik remen supados mampir ing Malioboro?
a)      Amargi Malioboro kathah pengamen lan pedagang ingkang sae, inovatif, lan kreatif.
b)      Amargi Malioboro rame nalika wayah prei, mliginipun preinan Bada Idul Fitri.
c)      Amargi wonten ing Malioboro kathah bakul ingkang sadeyan tandha netra kanthi regi mirah lan sae.
d)     Amargi menawi sampun mampir ing Malioboro saged pikantuk untung ngantos tigang yuta.
12.  Model kaos menapa kemawon ingkang dipun sade ing Malioboro?
a)      Model kaos seratan Jogjakarta, model kaos gambar ringgit, lan model kaos sarimbit.
b)      Model kaos seratan Jogjakarta, model kaos seratan Jawa Tengah, lan model kaos seratan Indonesia.
c)      Model kaos sarimbit, model kaos seratan Jogjakarta, lan model kaos seratan tigang yuta.
d)     Model kaos sarimbit, model kaos sertan Jogjakarta, model kaos gambar pacul.
13.  Pinten kaos ingkang dipun sade bakul ing Malioboro kangge nggayuh omset tigang yuta sedinten, menawi setunggal kaos reginipun tigang dasa ewu?
a)      50
b)      100
c)      150
d)     200
14.  Malioboro menika panggenan ingkang kados pundi?
a)      Panggenan kangge sadeyan tandha mata khas Jogjakarta kados kaos, bandul kunci, lan batik.
b)      Panggenan kangge warga Jogja pepanggihan kaliyan Sultan Hamengku Buwono.
c)      Panggenan kangge para turis manca lan domestik supados pikantuk berkah saking Sultan Jogja.
d)     Panggenan kangge tilem menawi nginep ing Jogja nalika preinan Bada Idul Fitri.
15.  Menawi wonten wisatawan ingkang tumbas kaos kanthi bahan biasa 5 regi limalas ewu, lan kaos bahan katun 3 regi patang puluh ewu, pinten regi ingkang kedah dipunbayar?
a)      Satus sangang puluh ewu rupiyah.
b)      Satus sewidak lima ewu rupiyah
c)      Satus sangang puluh lima ewu rupiyah
d)     Satus seket ewu rupiyah.






Iklan kangge mangsuli pitakenan soal nomer 16-17

Text Box: Sugeng kepanggih malih wonten Surakarta. Surakarta asri,endah saha edipeni. Kota sejuta seni,kota lestari luhur saha bebudi.
Ampun kesupen mampir wonten Surakarta.


16.  Menapa ingkang dipun karepaken saking iklan wonten nginggil?


a.
Ampun kesupen mampir wonten Surakarta

b.
Supados tiyang sami mampir wonten Surakarta

c.
Sugeng tindhak saking Surakarta

d.
Maringi warta bilih Surakarta menika kota ingkang asri


17.  Menapa ingkang dipun gadhahi saking kota Surakarta?


a.
Kota asri , endah seneng pepuji

b.
Kota lestari, luhur saha medeni

c.
Kota sejuta seni drama lan puisi
Kota sejuta seni,luhur bebudi

Iklan kangge mangsuli pitakonan angka 18-19

Text Box: RIZTIE SHOP
Batik Pekalongan asli.Saking kain ingkang alus, boten gampil panas,boten enggal lusuh,gampil dipun setrika. @Rp 45.000,00;
Saget dipun pesen kaliyan Dinar (08574390888726) gratis ongkos kirim #Pekalongan, jawi Pekalongan Rp 5.000,00; diskon 10% kangge 100 ingkang pesen pertama dinten menika.




18.  Sinten ingkang sadeyan klambi menika?
a.       Dinar
b.      Agen batik Pekalongan
c.       Riztie shop
d.      Riztie kaliyan Dinar




19.  gratis ongkos kirim #Pekalongan, jawi Pekalongan Rp 5.000,00; menapa tegesipun ukara menika?

a.
Ongkos kirim tlatah pekalongan menika Rp 5.000,00

b.
Ongkos kirim tlatah pekalongan kaliyan jawi menika Rp 5.000,00

c.
Ongkos kirim pekalongan menika gratis, menawi jawi pekalonagn menika Rp 5.000,00

d.
Ongkos kirim jawi Pekalongan menika Rp 5.000,00




20.    Dion menika pesen kaliayan Dinar 10 klambi, menawi dion kalebet tiang ingkang pesen nomer 101 , kadospundi ingkang kedah Dion lampahi?

a.
Dion nyuwun dipun potong 5% reginipun klambi

b.
Dion mbayar klambi menika kanthi rega Rp 450.000,00;

c.
Dion kaliyan dinar patungan anggenipun bayar klambi menika

d.
Dion bayar Rp 405.000,00; jalaran tiang ingkang pesen nomer 101




21.  “Sekar gambuh ping catur”
Aksara ingkang trep kangge tembung wonten nginggil inggih menika...

a.    sek/gmB|hpi=ctu/
b.    sek/p=ku/pi=ctu/
c.    sek/p=ku/pi=ctu/
d.   sek/p=ku/pi=ctu/

22. kptuhpnFfia[won\
Tembung wonten nginggil menika wacane...
a.       Kapatuh pan dadi awon
b.      Katutuh pan dadi awon
c.       Kapatuh pad nadi awon
d.      Kapatup had nadi awon


23. “Kang cinatur polah kang kalantur”
Menawi dipun serat kangge aksara jawi inggih menika...

a. k=cintu/[polhkklnT|/
b. k=cintu/[polhk=klnT|/
c. k=cintu/polhk=klnT|/
d. k=cintu/[plhk=klnT|/
24. “Kadaluarsa katutuh” menawi dipunserat ngangge aksara awa inggih menika...
a. kfluw/skttuh
b. kfluw/sktutu
c. kfluw/sktutuh
d. kfluw/sktuth




25. “Tanpa tutur katula-tula katali”
Menawi dipun serat ngangge aksara jawi inggih menika...
a. tnPtutu/ktultulktl
b. tnPtutu/ktultlktli
c. tntutu/ktultulktli
d. tnPtutu/ktultulktli


Soal benar salah
Wenehana tandha (B) menawi wangsulanipun lesres, wenehna tandha (S) menawi wangsulanipun lepat, ing lembar wangsulan kang cumawis!

꧎꧂ꦊꦎꦆꦄꦇꦶꦉꦘꦄꦺꦃꦻꦺꦁꦏꦝꦍꦸꦇꦄ꧂ꦄꦺꦆꦻꦁꦔꦶꦼꦺꦅꦇꦄꦼꦀꦏꦁꦝꦁꦔꦍꦷꦏꦿ꧋ꦺꦅꦇꦄꦇꦷꦑꦸꦆꦙꦶꦀꦃꦁꦕꦼꦺꦅꦇꦑꦆꦸꦃꦺꦅꦁꦿ꧋(ꦑꦼꦇꦈꦁꦝꦁꦥꦆꦸꦽ)ꦇꦀꦶꦄꦶꦅꦶꦄꦷꦁꦉꦘꦁꦦꦶꦁꦏꦑꦆꦸꦃꦺꦅꦁꦘꦼꦏꦊꦁꦔꦶꦼꦑꦎꦸꦏꦇꦠꦈꦆꦷꦓꦾ꧌
Soal benar salah
Wenehana tandha (B) menawi wangsulanipun lesres, wenehna tandha (S) menawi wangsulanipun lepat, ing lembar wangsulan kang cumawis!
  B          S
  B          S
  B          S
  B          S

  B          S

1.      Wosing pethilan wacana kasebut ngrembag babagan dumadine Banyumas.
2.      Kakalihipun mlayu lan mapan ing dusun kang aman lan ayem.
3.      Dhusun menika dipunwastani baturaden saka tembung  bangsa gaib lan batur.
4.      Baturaden mapan wonten Banyumas Jawa Timur.
5.      ꧎ꦇꦀꦶꦄꦶꦅꦶꦄꦷꦁꦉꦘꦁꦦꦶꦁꦏꦑꦆꦸꦃꦺꦅꦁꦿ꧋
Ukara ing nginggil kawaos: saiki dikenal kanti nama Baturaden.



Cobi para siswa sami njejodohaken antawisipun  kolom 1 kaliyan kolom 2 ingkang dipun anggep trep kekalihipun


Rawa Pening

Dipun cariosaken ing rikala menika wonten ing salah satunggaling dusun. Wonten ing dusun menika taksih dipun wontenakaen merdi dusun(slametan dusun) ingkang padhatan dipun leksanakaken, wonten ing setunggaling wekdal wonten lare jaler alit ingkang anggadhai badhan kang asor, korengen saha mambu. Lare  jaler menika Baruklinting asmanipun.

Wonten ing salah satunggaling wekdal baru klinting nyuwun sekul kaliyan warga ingkang bersih dusun ananging boten wonten setunggal tiang ingkang nyukani, ananging wonten mbok rondo ingkang sampun sepuh yuswane maringi sekil dhateng baruklinting. Cendhaking carios baruklinting ngawontenaken sayembara ingkang saged ndudut biting ingkang pun tunclepaken menika tiang ingkang hebat. Nanging boten wonten ingkang saged, biting kala wau pun dudut piyambak medal taya. Taya wau sekedik baka sekedik nambah katah desa kelem sedaya seda, namung mbok rondo ingkang saras.

1.
Remen tetulung, mboten mbentenaken antawisipun derajat pangkat saha kedudukan ugi saget ngurmati tiang sanes
a.
Baruklinting
2.
Milah-milah, asor gaweyane ngece kaliyan tiyang sanes ugi boten anggadhahi tepa salira dhumateng liyan.
b.
Gayeng
3.
Sabar, narima ing pandum boten nggresah ugi boten nyalahaken kodrat.
c.
Trenyuh
4.
Nalika Bersih dusun
d.
Nengsemake
5.
Nalika baruklinting ndudut biting kala wau pun dudut piyambak medal taya. Taya wau sekedik baka sekedik nambah katah desa kelem sedaya seda, namung mbok rondo ingkang saras.

e.
Mbok Rondo


f.
Seneng



g.
Warga desa




Isi titik-titik wonten ngandap menika ngangge kalimat-kalimat ingkang trep!
ASAL-USULIPUN RAWA PENING
Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.

Satunggaling dinten .................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................................

Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon
1.      Tembang gambuh ing inggil menika, cobi dipunserat kanthi aksara jawa!
2.      Jlentrehaken menapa ingkang dados surasanipun tembang gambuh ing inggil! Serat kanthi aksara jawa!
3.      Tembang gambuh menika kasusun saking guru lagu 7u, 10u, 12i, 8u, 8o. Cobi damel tembang gambuh ingkang guru lagunipun sami kanthi seratan aksara jawa!
Wonten pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Adigang kidang adigung pan hesti
.......
.......
4.      Cobi dipun jangkepi tembang gambuh ing inggil menika kaliyan tembung ingkang leres kanthi ngginakaken aksara jawa!
5.      Cobi damel tembang gambuh kanthi tema pendidikan ngginakaken aksara jawa!



Tidak ada komentar:

Posting Komentar