Selasa, 17 Desember 2013

ASAL-USUL DESA SONDOKORO

ASAL-USUL DESA SONDOKORO,
 CIKAL BAKAL ARAN TASIKMADU, KARANGANYAR
Pabrik gula Tasikmadu iku katon apik. Tembok bangunane kuat diubengi ngrembuyunge wit-witan kang gedhe-gedhe. Pabrik gubahane Mangkunegoro IV iku mapan ing sisih kulon lereng Gunung Lawu kang jarake kira-kira 15 km saka kutha Solo.  Miturut sejarah cikal bakal aran Tasikmadu yaiku sawijining desa aran Sondokoro, simbol kisah dramatik tragis pawongan loro seperguruan, Sondo lan Koro.
            Jaman samono Ki Plapar kawentar luhuring budi, arif, lan sekti mandraguna. Sanajan rambute putih, kulite keriput, dheweke isih bisa mlaku tanpa nganggo tongkat.  Sorot netrane kebak kawibawan. Pakulinan mlaku adoh lan ngrasakake hawa esuk wiwit enom ing saben dinane ndadekake Ki Plapar ora katon tuwa.
            Hawa ing pletheking fajar sansaya adhem. Ing Padhepokan Padas Plapar, puluhan murid wis padha latihan kanuragan kang dipandhegani dening Ki Plapar. Saben dina Ki Plapar nggembleng para muride babagan ilmu jagat diri kanthi pangajab mbesuke bisaa mbelani lan ngayomi rakyat saka angkara murka. Saya suwe Padhepokan Padas Plapar sansaya kawentar ing liya desa malahan nganti tumekaning wewengkon Jawadwipa.
            Ing sisih burine bukit Padhepokan Padas Plapar, ana sawijining pawongan bagus lagi negor wit trembesi nganggo kapak. Saka garis-garis otot kulite, katon isih puluhan taun umure. “Prak… prak… prak”. Kayu kang diametere puluhan sentimeter iku bakal dadi kayu bakar ing pawon sedhela maneh. Pawongan iku sregep tandang gawe lan seneng tetulung saengga disenengi wong-wong ing kampunge. Wiwit cilik dheweke diundang Sondo utawa Sondong. Sondo tansah kepengin nyenengake wong tuwane.
            Nalika samono Sondo mlebu alas Padas  kang kondhang angkere, rungkut, lan akeh kewan alas kang galak. Hawane peteng, angine banter, lan swarane bledheg pating gleger. Dumadakan, ana pawongan njaluk pitulungan sajroning alas mau. Sondo banjur nggoleki sumbere swara iku. Sepira kagete bareng weruh pawongan iku, jebule Koro kancane dhewe lagi pringisan gobres getih. Sondo banjur ngulungake wedang putih sing digawa lan enggal-enggal nambani tatune Koro sing lara. Sondo lan Koro iku pancen kanca raket wiwit cilik.  Wong loro mau kerep mlebu metu tlusukan alas. Lan kekarone duweni pepinginan dadi satria bisa ilmu silat kanggo kemajuan desane.
Nalika Sondo lan Koro lagi rembugan, dumakan salah sijine murid Ki Plapar teka lan ndhawuhi supaya gelem maguru ing Padhepokan Padas Plapar. Kekarone sarujuk lan wekasane dadi muride Ki Plapar kang pinunjul. Saya suwe ngelmune tambah dhuwur. Sondo lan Koro bali ing desane. Kekarone dadi panutan ing desane. Sondo duwe garwa lan mbangun desa liya, semono uga Koro.
Ing sawijining dina putrine Kyai Sondo kang aran Sri Widowati ketemu Tumenggung Joyo Lelono kang lagi mburu kijang ana tengah alas. Tumenggung Joyo Lelono duwe pepenginan nggarwa Sri Widowati, sabanjure ora let suwe nglamar putrine Kyai Sondo mau. Tumenggung Joyo Lelono seneng banget atine awit Kyai Sondo nyarujuki panglamare lan wis katemtokake dina nikahe yaiku Senen Legi.
Tumenggung Joyo Lelono banjur mlebu alas maneh beburu kijang incerane. Nalika arep manah kijang mau dumadakan tumeka bayangan wong wadon kang ayu rupane. Dheweke ngira yen pawongan iku Sri Widowati. Nanging nalika ditututi nganti tumeka omahe, pranyata pawongan iku putrine Kyai Koro. Kaya-kaya lali pinangane Sri Widowati, Tumenggung Joyo Lelono  nglamar putri mau lan Kyai Koro nyarujuki.
Dina candhake, Kyai Koro ndhawuhi putrine ing daleme Kyai Sondo. Putrine pancen akrab karo Sri Widowati. Kekarone katon padha ayune, sregep, lan manut dhawuhe wong tuwa. Nalika padha tukar seserepan ngenani pemudha, kekarone kaget pranyata dilamar dening pemudha kang padha yaiku Tumenggung Joyo Lelono. Pungkasane, prakara iku ndandekake congkrahe Kyai Sondo lan Kyai Koro, sing maune memitran kenthel saiki memungsuhan.
Perang klakon kedadeyan. Kyai Sondo rumasa ajining dhirine diidak-idak lan Kyai Koro rumasa pacangane anake direbut Sri Widowati. Kekarone padha muntap, adu kadigdayan lan kasekten nganti pirang-pirang dina. Para warga desa ora ana sing wani misah lan nengahi pendhekar sakloron mau. Para putrine uga ora bisa menggak wong tuwane, anane mung wedi lan padha tangisan. Telung minggu suwene pendhekar sakloron tansah ngumbar hawa nepsu angkara murka lan nglalekake anggone memitran, paseduluran nalika nalika samono. Genep 40 dina 40 bengi, keajaiban klakon. Kyai Sondo lan Koro klelep njroning bumi. Ora ana sing kalah lan ra ana sing dadi pemenang, amarga kekarone padha digdayane. Babar pisan ora ana sing mangerteni ing ngendi musprane lan dununge wong sekti sakloron mau saiki.
Sabanjure, papan pertempuran pendhekar sakloron mau kang dadi cikal bakal Desa Sondokoro,  gabungan antane jeneng loro yaiku Sondo lan Koro. Ing wektu candhake, KPAA Mangkunegoro IV ngowahi Sondokoro dadi Tasikmadu kanthi pangajab asil gula saka pabrik diiripake danau madu. Nganti saprene, pabrik kang dadi andhalan lan bombonge warga Karanganyar, Jawa Tengah, iki isih produktif. Kebanggaan liyane, kapemilikan pabrik  tuwa iki ora nate kesenggol dening campur tangan pihak asing nanging tansah dikelola dening warga pribumi desane dhewe.
Sajroning perkembangan jaman, Tasikmadu didadekakke minangka jeneng kecamatan ing Kabupaten Karanganyar. Dene Sondoro  saiki kawentar minangka aran papan wisata lan taman rekreasi sing ana lingkungan Pabrik Gula Tasikmadu. Ing area rekreasi iku, ana kolam renang Sri Widowati  – jeneng kang dijupuk saka putri Kyai Sondo. Wondene petilasan Sondokoro dhewe dipercaya dumunung ing sisih kidule kolam renang mau.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar