Dampo Awang
Sam Po Kong utawa kang
misuwur kanthi jeneng Dam Po Awang yaiku nduweni keturunan saka
kaluwarga kang biasa. Sawise bapake kapundut, deweke urip karo ibuke.
Ing sabanjure deweke kasil dadi wong sing sugih blegedhu lan misuwur
karana kepinterane. Deweke ngrasa isin ngakoni ibune. Deweke ora gelem
diarani anak saka randa kang ora duwe. Amarga kuwi, ibune dadi lara
panggalihe lan nyumpahi Dam Po Awang yaiku manawa ing satengahing segara
bakal kerem karo banda branane.
Sam Po Kong sing maune
anak yatim dadi wong sing sekti lan sugih kuwi, sawijining dina krungu
kabar yen ing pulau Jawa ana sunan kang asma Makdum Ibrahim sing pinter
lan nduweni kasaktian. Banjur Sam Po Kong utawa Dam Po Awang nduweni
greget lunga tumuju ing Jawa kanggo nemoni Sunan Makdum Ibrahim utawa
kang misuwur kanthi asma Sunan Bonang. Tujuan Sam Po Kong yaiku pingin
sinau kasaktiane Sunan Bonang uga pingin nyebarluaske usaha dagange ing
pulau Jawa.
Sawise rencana kanthi
mateng, Sam Po Kong lunga nglayar tumuju ing pulo Jawa. Tujuan utamane
yaiku panggonan Sunan Makdum Ibrahim utawa Sunan Bonang. Ing
satengahing mlakune arep nyedaki pesisir sing dituju, dumadakan ana
angin kenceng. Kapal sing ditumpaki Sam Po Kong karo pangikute kocar
kacir lan arep wae kerem. Saka kadadean kuwi temtu wae dagangan sing
digawa tiba lan kerem ing segara. Nanging Sam po Kong ora nglokro.
Pungkasane lakune tekan pesisir Rembang.
Tumekane ing pesisir
Rembang Sam Po Kong karo pangikute salah sijine yaiku Blacak Ngilo,
age-age mudunake jangkar supaya kapale ora katut angin lan ombak.
Nanging bareng jangkar didunke, dumadakan ana angin kenceng maneh teka.
Kapal Sam Po Kong kagawa angin tumuju mangetan, Kapal kocar kacir kagawa
angin. Ngadepi iku kabeh Sam Po Kong tumindak karo kabeh kekuatan batin
kang diduweni ngupaya ngumpulake perangan-perangan praune kang kocar
kacir mau. Pungkasane kang direwangi Blacak Ngilo, Sam Po Kong mlaku
tumuju mangetan kanthi cara lumaku ing pinggir segara nganti tekan ing
pesisir Binangun. Lan kaleresan ing pesisir Binangun iki Sam Po Kong
nemu layar praune. Jangkar kang didunke saka praune mung ditinggal wae
ana ing pinggir pesisir segara Rembang. Jaman ndisik rikala Taman
Kartini dibangun Pamerintah jaman Walanda, Jangkar kasebut diselehake
ing satengahing Taman Kartini, nanging saiki wis dipindahake ing
panggonan khusus kang ana ing sakdhuwure segara pesisir Kartini Rembang.
Saka crita mbiyen jangkar
kuwi wujud wutuh nanging saka Mbah Bening jangkar kasebut ana perangan
sing dijupuk kanthi cara digraji kanggo gawe pusaka. Anehe, wektu
pucuke jangkar iku digraji dumadakan wilayah kutha Rembang ana angin
gedhe lan dadi peteng ndhedhet. Mengkono mau critane babagan jangkar
kapal Sam Po Kong utawa Dam Po Awang ing pesisir Rembang kang saiki
jangkare isih bisa didelok.
Ngambali maneh ing lakune
Sam Po Kong karo Blacak Ngilo. Tumekane ing pesisir Binangun, amarga
Sam Po Kong yakin manawa layar sing ana ing kono kuwi yaiku layare
dhewe. Sam Po Kong age-age njupuk layar kuwi. Nanging rikala niate
durung kawujud dumadakan ana pawongan kang asma Ki Nagor sing menggak.
Ki Nagor yaiku murid saka Sunan Bonang, banjur perang padu Sam Po Kong
karo Ki Nagor.
Perang padu Sam Po Kong
lan Ki Nagor pungkasane dadi rame banget lan dirungu Sunan Bonang. Mula
Sunan Bonang age-age rawuh ing panggonan kuwi. Lan pepanggihan iku ora
disengaja Sunan Bonang karo Sam Po Kong bakal ketemu. Ing pepanggihan
iku Sam Po Kong meksa arep njupuk layar lan ngincim arep mateni
wong-wong sing ana ing panggonan kuwi.
Keprungu inciman kuwi Sunan Bonang
nglerem amuke Sam Po Kong. Sunan Bonang banjur ngendikan, “Hei, Kisanak
yen pancen kuwi layarmu ana ing kene, jupuken! Ing kene mung ana watu.”
Wektu Sunan Bonang ngendikan kaya mau, dumadakan ana prastawa aneh kang
dumadi. Layar duweke Sam Po Kong kang ana ing pinggir segara, banjur
dadi watu werna putih. Nanging Sam Po Kong ora mung meneng, banjur Sam
Po Kong age-age nggunakake kekuatan batin lan kanda, “Iku dudu watu
putih, kuwi layar!” lan prastawa kuwi dumadi maneh. Dumadakan layar sing
wujud watu putih dadi layar meneh. Saklorone padha ngarani “watu lan
layar” sing dadi kasunyatan, mangkono trus nganti bola bali diomongke
Sam Po Kong lan Sunan Bonang. Pungkasane wektu Sam Po Kong kliru niru
Sunan Bonang yaiku watu, lan watu kuwi ora bisa malih maneh dadi layar.
Nganti saiki watu kasebut isih tetep ana ing pesisir Binangun kanthi
jeneng “watu layar”.
Sakwise Sam Po Kong ora
bisa ngowahi watu dadi layar meneh, deweke nembe ngaku yen Sunan Bonang
pancen Sekti. Banjur deweke bali maneh ing Rembang. Sauntara kuwi Blacak
Ngilo ora gelem nrima kalahe Sam Po Kong. Blacak Ngilo banjur ngajak
adon ayam karo Sunan Bonang. Nanging ayam sing diadon kuwi ayam tiruan
sing digawe saka kayu lan lemah. Blacak Ngilo nggawe ayam tiruan saka
kayu, Manawa Sunan Bonang nggawe ayam tiruan saka lemah lempung. Ing
acara adon ayam kasebut kang menang yaiku Sunan Bonang. Sabanjure
panggonan kuwi dadi jeneng lapangan adon ayam nganti saiki ana ing desa
Bonang Kecamatan Lasem Kabupaten Rembang.
Sauntara kuwi panggonan
watu layar ing pesisir Binangun iku, ndisik saka kadohan katon warna
putih kaya layar. Nanging saiki watu kapur kuwi wis akeh suket-suket
kang dhuwure ana humus kang kagawa banyu saka gunung. Miturut
kepercayaan warga ing kono watu kuwi nduweni kramat. Sapa sing bisa
mbalang watu saka dalan gedhe nganti tekan pucuking watu layar kuwi,
mula wong kang mbalang kasebut mesti kawujud pangarepe. Amarga kramate
watu layar kasebut, watu sing liwat nduwure dadi ora ana bobote. Mula
Manawa ana wong sing mbalang watu tumuju watu layar kasebut ora bakal
bisa nglewati pucuke. Kajaba wong-wong sing entuk kramat dhewe. Mangkono
kuwi crita kang jangkep babagan petualangan Sam Po Kong utawa Dam Po
Awang kang ketemu lan adon kapenteran karo Sunan Bonang. Bener utawa
orane, amarga kuwi mung crita saka wong-wong kang sabanjure manut para
pamaos sing mbiji.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar