Selasa, 17 Desember 2013

ASAL USUL DESA SEDAN ING KABUPATEN REMBANG

Rikala jaman semana para wali nyebarake agama Islam ing tlatah Jawa, sakdurunge kabeh nganut agama Hindu. Wektu iku panguwasa isih diwengku dening raja ing Majapahit yaiku Prabu Brawijaya V. Sakwetara wilayah kabupaten Rembang rikala semana isih akeh daerahe sing awujud alas. Penduduk uripe nggrombol ing padesan cilik tur sepi. Ing kahanan kang kaya mangkono teka nom-noman kang manggon ing alas kono banjur netep mbangun omah kang jarake saka pesisir lor antarane 10 km arah ngidul. Sakbanjure ing panggonan kang isih wujud alas kuwi, nom-noman lanang mau ngajak wong-wong kang ditemoni supaya melu nyinaoni lan nglakoni syariat Islam. Tambah dina tambah akeh wong-wong sing melu pangajake pengembara mau kang ora liya sawijining Syayid.
Padesan kang maune sepi sansaya suwe sansaya reja amarga akeh ditekani wong-wong manca saperlu meguru marang syayid. Sakwise ditekani wong-wong saka mancakang meguru marang Syayid, Syayid kuwi banjur netep manggon ing kono. Alas kang maune gung liwang Liwung ewah dadi desa kang gedhe, akeh penduduke. Cekak aosing crita, Syayid sing maune pengembara malih dadi panguwasa ing panggonan kang anyar. Banjur ora suwe dadi padesan kang rame. Sing diwenehi sebutan Syayidan. Kang ateges papan kang dipanggoni dening sawijining Syayid.
Tindak tanduk lan subasitane Syayid patut kanggo tuladha kang becik kanggo warga sakiwa tengene. Sawijining dina Syayid nandang lara banjur tilar donya. Kabeh pengikute lan penduduk sakiwa tengene ngelingi lelabuhane Syayid sing apik, senadyan wis tilar donya tetep dadi pepeling. Layone dikubur cedak karo omahe banjur kuburane ditanduri wit jati lan dikeramatke ora tau ditebang. Wektu lumaku terus, ora krasa puluhan taun kuburane Syayid angker. Papane  manggon kapernah 300 meter arah ngalor saka pasar Sedan. Sebutan Sedan iku sal mulane saka tembung Syayidan kang tegese Syayid. Kanggo ngeling  jasa-jasane Syayid nganti seprene desa Sedan isih ana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar