Selasa, 17 Desember 2013

DUMADINE PLEBURAN

Kutha Semarang iki biyen-biyene isih wujud alas gung liwang-liwung. Ana kaki-kaki lan nini-nini kang asmane Kyai Borang lan Nyai Borang kagungan putra jenenge Joko Tanduran. Ing sawijining dina Joko Tanduran lelunga nganti wengi ora mulih kamangka ora pamit marang wong tuwane. Kyai lan Nyai Borang banjur ngoleki anake nganti pirang-pirang dina. Anggone nggoleki putrane mlebu alas metu alas, munggah gumuk mudhun gumuk kanthi sedya ora bakal bali yen during ketemu putrane. Ing sadalan-dalan tansah dedonga nyenyuwun marang Kang Kuwasa muga-muga enggal ketemu putrane.
Nalika tekan ing gumuk dheweke ketemu wong lanang cacahe wolu lagi sengkut makarya. Wong wolu mau katon tata-tata arep ngedhegake wisma. Ing sacedhaking sendhang kang garing. Anehe wong-wong mau ora ana kang kumecap mula kanthi rangu-rangu Kyai Borang nyapa, “ Ki Sanak nyuwun pangapunten kula ngreridhu anggen Panjenengan nembe nambut kardi, kula badhe nyuwun pirsa punapa panjenengan pirsa lare jaler langkung mriki?” Pitakone Kyai Borang diwangsuli kanthi grapyak, “ o, inggih leres kala wau wonten lare langkung mriki, mugi-mugi leres punika wau putra panjenengan.” Kyai Borang ndeleng wong wolu mau kang gobyos kringete dleweran, dheweke banjur nawani banyu. Wong wolu mau nampik amarga Kyai Borang luwih mbutuhake banyu mau kanggo sangu nggoleki anake. Olehe nowak-nawakake kanthi adreng lan suka lila anggone menehi banyu, pungkasaning banyu katampa. Kyai Borang banjur diwenehi jeneng Sukalila. Kyai lan Nyai Borang didhawuhi bali neng omah wae, sebab putrane wis ana ngomah.
Mireng tembung kui mau Nyai Borang kang maune meneng dadi mesam-mesem sumringah cahyane, lebur rasa sedhihe dadi gumbira. Luwih-luwih sawise tumeka ing ngomah jebul wis ana putrane Joko Tanduran.
Dhaerah Kyai lan Nyai Borang banjur katelah jeneng Pleburan saka tembung lebur.Dene sendhang ing sacedhake wong wolu mau katelah Nadri Sendhang utawa Wanadri Sendhang. Wong wolu mau sejatine para wali kang bakal mbangun mejid kanthi ora ngucap. Gandheng wis njawab pitakone Kyai Borang, wong wolu dadi jugar ora sido mbangun mejid ing kono, ngaleh ing papan liya.

Share this:

Tidak ada komentar:

Posting Komentar