ASAL USUL DUSUN NGROTO
Wonten ing
Tlatah Persia, rumiyin wonten setunggal kaluwarga inggih punika
kaluwarganipun Nyi Syamsiah, Nyi Syamsiyah kagungan putra ingkang nami
Kyai Abdurrahman Ganjur. Kaluwarga kalawau sampun dangu dipuntilar
dening ramanipun amargi ramanipun tindak dhateng tlatah Jawi.
Saksampunipun Kyai Abdurrohman Ganjur dhiwasa, Kyai Abdurrohman Ganjur
kaliyan ibunipun, tindak dateng Jawi saperlu madosi ramanipun. Wonten
ing Jawi Kyai Abdurrohman Ganjur kaliyan ibunipun maguru dhateng Sunan
Kalijaga. Sampun sawetawis, Kyai Abdurrohman Ganjur emut kaliyan
ancasipun tindak dhateng tanah Jawi saperlu madosi ramanipun. Pramila
Kyai Abdurrohman Ganjur lajeng pamitan kaliyan ibunipun ugi nyuwun
pangestu dhateng Kanjeng Sunan . Kyai Abdurrohman Ganjur taksih yakin
menawi ramanipun taksih wonten ing tlatah Jawi, dereng kondur dhateng
Persia. Mireng caryosipun Kyai Abdurrohman Ganjur, Kanjeng Sunan
trenyuh, Kyai Abdurrohman Ganjur dipundhawuhi nyisiri Kali Tuntang,
amargi mbenjang sanes wekdal ramanipun mesthi miyos mrika. Kali Tuntang
kalawau sapinggiripun kathah dipuntuwuhi wit glagah.
Saksampunipun nyuwun pamit
dhateng ibu kaliyan Kanjeng Sunan, Kyai Abdurrohman Ganjur lajeng tindak
kanthi prahu nyisiri Kali Tuntang. Saksampunipun dumugi wonten
panggenan ingkang dipuntedahaken Kanjeng Sunan, Kyai abdurrohman Ganjur
lajeng mandhap, ugi ndamel gubug sapinggiripun kali kalawau supados
menawi mangke ramanipun miyos mangertos.
Gubug ingkang sampun dipundamel kalawau
yektosipun caket kaliyan pedhukuhan. Ingkang kala rumiyin panggenan
punika asring dipunsinggahi santrinipun Sunan Kalijaga wekdal ngawal
rakit. Matahun-tahun Kyai Abdurrohman Ganjur manggen wonten pedhukuhan
kalawau, saperlu nengga miyosipun ramanipiun kaliyan mulang ngaji
dhateng warga padhukuhan punika ugi padhukuhan sanes-sanesipun.
Saksampunipun nengga matahun-tahun, ing setunggaling
dinten wonten setunggal tiyang kados kyai, ingkang nembe nitih rakit
wonten ing Kali Tuntang. Rakit ingkang nembe dipuntitihi kalawau mboten
mangertos lajeng mandheg piyambak, mboten mangertosa rakit kalawau
kenging tunggak, lajeng Kyai Abdurrohaman Ganjur mbiyantu teras
pitepangan. Mboten dinyana ingkang nembe kemawon pitepangan kalawau
inggih punika ramanipun piyambak. Kyai Abdurrohman Ganjur remen sanget,
lajeng ngajak kaliyan ramanipun supados manggen wonten ing padhukuhan
punika, namung amargi ramanipun taksih kagungan jejibahan dhateng Demak,
ramanipun lajeng nerasaken lampah dhateng Demak. Wondene Kyai
Abdurrohman Ganjur tetep wonten padhukuhan punika saperlu ngulang ngaji,
ibunipun utawi Nyi Syamsiah ugi pungkasanipun nyusul dhateng padhukuhan
kalawau, kempal malih kaliyan putranipun. Padhukuhan kalawau
dangu-dangu dados padhukuhan ingkang rame. Amargi panggenanipun wonten
ing sapinggiripun Kali Tuntang ingkang kathah dipuntuwuhi wit glagah
kanthi roto (rata) pramila panggenan kalawau dipunparingi tenger Roto lajeng dados Ngroto.
Sakmenika Dhusun Ngroto dados dhusun ingkang rame ugi panggenan ingkang
misuwur dhusun santri amargi kathah tiyang ingkang ngudi ilmu agami
(mondhok) saking tlatah sanes-sanesipun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar