Ing wekdal rumuyin, wonten ing pesisir laut Jawa sisih
ler tengah punika alas gung liwang Liwung, mboten wonten jalma manungsa
ingkang wantun mios, Wontenipun naming sato kewan ingkang mbebayani
kadosta, sawer, kemin, macan, tuwin wanara. Cariosipun wana punika kala
wau dados keratoning bangsa lelembut. Katahah tiyang-tiyang winasis
sakering tengenipun wana punika wau ingkang dipun sumurupi bilih
panggenen punika arupi kitha ageng. Inggih wonten pekenipun, wonten
perkantoranipun, ugi wonten pabrikipun ingkang buruhipun ugi kathah
kados wonen ing alam nyata punika.
Salah sawijining dinten,
wonten piyantun ingkang badhe damel patilasan, mbenjing menawi wonten
rejaning jaman kangge papan panggenan saputra-wayahipun. Papan ingkang
sekaca punika inggih sakanan-keringipun wana punika.
Wana punika nminipun Wana Nggambiran,
ingkang tetengeripun wit Gambir ingkang ageng lan dhoyong wonten
sapinggiring lepen. Wit punika menawi dipunwawas saking tebih punika
ketingal inggil piyambak. Awit agengipun ugi yuswanipun panic sampun
sepuh sanget ngantos oyotipun mawon dumugi pertapanipun Ki Ageng
Cempaluk ing Kesesi. Cekaking cariyos, piyantun ingkang kagungan
penggalih badhe damel pertapan petilasan kala wau putranipun ki Ageng
Cempaluk ing Kesesi ingkang mabagi bangsa lelembut ingkang nguwaosi wana
pesisir pulo Jawa sisih ler punika kala wau.
Bangsa lelembut punika wau
ratunipun asma Ibu Dewi Lanjar, putra mantunipun Nyi Roro Kidul ingkang
sampun kawentar nguwaosi pesisir Laut Jawa sisih kidul. Mboten gampil
ngadhepi Dewi Lanjar , nanging kanthi kapitayan Ki Baureksa nguthik
kapitayanipun Ibu Dewi Lanjar. Kanthi sarana pasa ngalong, Sukmanipun Ki
Baureksa saged nguthik panguwaosipun Ibi dewi Lanjar. Kanthi ulat
mantepipun Ki Bareksa punika kala wau saged nandhingi kawasisanipun Dewi
Lanjar lan pungkasanipun ngidini mbikak alas Nggambiran kangge papan
pertapanipun ugi papan dunungipun putra wayahipun Ki Baureksa. Papan
punika lajeng dipunwastani Pekalongan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar