Kala rumiyin asal-usuling kutha Sukoharjo
wonten gegayutanipun kaliyan pindhahipun kraton Kartosura dhateng desa
Sala, amargi geger pacinan. Wekdal menika paprentahan Sri Susuhunan
Pakubuwono II. Pindhahipun menika saking pramayogi saking para sesepuh,
Amargi kraton dipun anggep sampun kecampuran pemberontak.
Sesampunipun Nampi pamrayogi utawi
pitutur saking sesepuh kraton, Sri Susuhunan ngawontenaken perembugan
Kyai Yosodipura, Kyai Tohjoyo, saha pangeran Wijil. Kyai Tohjoyo paring
pitedah menawi tlatah utawi wewengkon benjang ingkang kangge kraton
benjang saget ndugekaken karaharjan (Sukoraharjo). Kyai Yosodipura
sarujuk saha paring iguh pratikel bilih tlatahipun mbenjangipun tlatah
ingkang mambet wangi (Talawangi).
Sri Susuhunan sarujuk lajeng paring
prentah dhumateng Pangeran Wijil pados panggenan kraton ingkang enggal.
Pangeran Wijil nglampahi jejibahan damel kelompok. Kelompok sepisan
dipunpandhegani Suranata, Kyai Khalifah Buyut saha Mas Penghulu Pekik
Ibrahim. Kelompok dipunpandhegani dening RadenTumenggung Honggowongso
saha Tumenggung Tirwiguna.
Nuju satunggaling dinten,
sesampunipun mlampah pinten-pinten dinten, kelompok kalih nemokaken
panggenan ingkang dipunanggep cocok dipunedegaken kraton enggal.
Sanesipun nemtokaken panggenan kraton, kalih Senapati kasebut ugi
nyiapaken sedaya ubarampe kangge ngedekaken kraton, kadosta papan kangge
bacira ngayun (alun-alun ngajeng), bacira pungkuran (alun-alun
wingking), papan damel senjata (pande), papan kangge damel wrangka keris
(Mranggen), papan para istri raja, saha papan kangge kandhang gajah
kangge titihan raja.
Sesampunipun sedaya rampung,
piyambakipun nglapuraken asilipun. Sri Susuhunan nyuwun iguh pratikel
para sesepuh ingkang kanyata ugi njurung asil kasebut. Namung miturut
Kyai Yosodipura tlatah kasebut babagan keamanan boten cocok kabangun
kraton, amargi tlatah menika caket kaliyan markasipun Pangeran
Sambernyawa wonten Nglaroh. Ing wekdal menika nembe boten sreg utawi
boten cocog utawi pasedherekanipun nembe congkrah kaliyan Sri Susuhunan.
Lajeng, Sri Susuhunan Pakubuwono II
mrentahaken pados Tlatah sanesipun, mrentahaken pados tlatah sanesipun,
sinaosa tlatah ingkang dipunpitados Tumenggung Honggowongso dados tlatah
sukoraharjo mboten siyos dipunbangun kraton, lajeng hasil panaliten
kaserat dados asal-usuling name kitha Sukoharjo, lajeng
tlatah kala rumiyin ingkang badhe kangge panggenan wantilan (kandhang)
gajah samenika dados desa Begajah.Panggenan ingkang kangge damel
sanjata (pande) dados desa pandean. Panggenan kangge damel wrangka keris
(mranggen) dados desa Mranggen. Tlatah kangge para istri (selir) raja
dados desa Seliran. Panggenan wiyar bacira pungkuran samenika dados
alun-alun Satyanegara, lajeng tlatah ingkang kangge bacira ngayun samena
kangge kantor Kodim 9726 Sukoharjo saha mesjid kotaa.
Mekaten asal-usuling Sukoharjo ingkang saking tembung Sukoraharjo
ingkang tegesipun tlatah ingkang maringi karaharjan. Sinaosa wonten
crita rakyat boten dipunsebatken namunasal-usuling tetep saget
dipunrunut.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar