Ki
Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog.
Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe
anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki
Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora
gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki
Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan
sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng
Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara
sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur
kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo
digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget
amarga rumangsa dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika
wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka
warna panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon
kang lagi mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng
Kedungsari kandha yen Ki Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki
Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki Ageng Kedungsari.
Krungu
mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen
anake wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas
kawin kang arupa gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng
Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.
Pangandikane
Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng
Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni
gajah. Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika
wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen
lamarane marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah
Ki Ageng Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin
lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir,
nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke nglilakake gajahe
kanggo mas kawin.
Banjur
warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake
gajahe kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan.
Ananging atine serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake
gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog
utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang Jepara. Ki Ageng Menawan
uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu Gede uga seneng
banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil
rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki
Ageng Menawan entuk gajahe.
Ora
let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki
Watu Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis
ngleboni daerah kuwasane wong liya.
Nalika
utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng
Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para
utusane Ki Ageng Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki
Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur
Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki
Watu Gede uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing
menang, ora ana sing kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum
gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng Menawan enthuk endhase, Ki Ageng
Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk bokong lan buntute.
Saka
prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku
wong-wong sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing
akeh rejekine lan trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan
nggolek rejeki.
Mula
saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa
katemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog,
Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten
Jepara.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar