Kamis, 28 November 2013

KI AGENG KEDUNGSARI

Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki Ageng Kedungsari.
Krungu mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.
Pangandikane Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah. Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke nglilakake gajahe kanggo mas kawin.
Banjur warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng Menawan entuk gajahe.
Ora let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah kuwasane wong liya.
Nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk bokong lan buntute.
Saka prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.

Selasa, 24 September 2013

Asmarandana

Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Asmarandana ugo Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Metrum: Asmarandana diracik saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).
  • 8-a, 8-i, 8-é, 8-a, 7-a, 8-u, 8-a.
Tuladha
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima

Kamis, 12 September 2013

Menengmu

Aku uga bisa nyopanake
apa kang beda ing ragamu
nadyan sliramu namung nangis
nanging santun iki dak tetesake

Gandamu kangmbok ciriake
iku ganda saka apa kang dak utamani
sliramu pancen ilang
ana ing langit, ora purun lamis

menengmu, tangismu...
aku reti

Intan Nukhi Adhiya
00:17
13-09-2013

Rabu, 11 September 2013

Lagu Dolanan

SLUKU-SLUKU BATHOK
Sluku-sluku bathok,bathoke ela-elo, 

siromo menyang solo, oleh-olehe payung montho, 
mak jenthit lo-lo lobah, wong mati ora obah, 
yen obah medeni bocah...

CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..

mambu ketundung gudel 
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong
PADANG MBULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo

Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore

GOTRI LEGENDRI
Gotri legendri nogosari
Tiwul owal awul jadah mentul
Tolen olen olen jadah manten
Titenono sesok gedhe dadi opo

JAMURAN
Jamuran... jamuran...ya ge ge thok... 

jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung, 
sira badhe jamur apa?

KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali 

teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter 

bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

KIDANG TALUNKidang talun 
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung

DHONDHONG OPO SALAKdhondhong apa salak dhuku cilik cilik 
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik 
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar 
ora pareng rewel ora pareng nakal 
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi

PITIK TUKUNGAku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung 
petok gogok petok petok ngendhog siji, 
tak teteske...kabeh trondhol..dhol..dhol.. 
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu...

KATE DIPANAH
Te kate dipanah

dipanah ngisor gelagah
ana manuk onde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok,
mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate

JARANAN
jaranan-jaranan... jarane jaran teji

sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung 
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

LIR ILIR
Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir

tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro 
dodo tiro kumitir bedah ing pinggir
Dondomana j'rumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.yo surako surak hiyo.

GUNDHUL-GUNDHUL PACULGundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu, 

angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok, 
ora nyambut gawe 
menthok, menthok ... 
mung lakukumu megal megol gawe guyu

GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane

tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane

SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu

jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela

TAK LELO LELO LEDUNG
tak lelo lelo lelo ledung...

cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..

Senin, 09 September 2013

Membaca Indah Geguritan kelas 1 SD

SEKOLAH

Aku Mangkat Sekolah

Arep Golek Ilmu

Ketemu Bapak Ibu Guru

Kang Wis Maringi Aku Ilmu