Selasa, 17 Desember 2013

ASAL-USUL DESA SONDOKORO

ASAL-USUL DESA SONDOKORO,
 CIKAL BAKAL ARAN TASIKMADU, KARANGANYAR
Pabrik gula Tasikmadu iku katon apik. Tembok bangunane kuat diubengi ngrembuyunge wit-witan kang gedhe-gedhe. Pabrik gubahane Mangkunegoro IV iku mapan ing sisih kulon lereng Gunung Lawu kang jarake kira-kira 15 km saka kutha Solo.  Miturut sejarah cikal bakal aran Tasikmadu yaiku sawijining desa aran Sondokoro, simbol kisah dramatik tragis pawongan loro seperguruan, Sondo lan Koro.
            Jaman samono Ki Plapar kawentar luhuring budi, arif, lan sekti mandraguna. Sanajan rambute putih, kulite keriput, dheweke isih bisa mlaku tanpa nganggo tongkat.  Sorot netrane kebak kawibawan. Pakulinan mlaku adoh lan ngrasakake hawa esuk wiwit enom ing saben dinane ndadekake Ki Plapar ora katon tuwa.
            Hawa ing pletheking fajar sansaya adhem. Ing Padhepokan Padas Plapar, puluhan murid wis padha latihan kanuragan kang dipandhegani dening Ki Plapar. Saben dina Ki Plapar nggembleng para muride babagan ilmu jagat diri kanthi pangajab mbesuke bisaa mbelani lan ngayomi rakyat saka angkara murka. Saya suwe Padhepokan Padas Plapar sansaya kawentar ing liya desa malahan nganti tumekaning wewengkon Jawadwipa.
            Ing sisih burine bukit Padhepokan Padas Plapar, ana sawijining pawongan bagus lagi negor wit trembesi nganggo kapak. Saka garis-garis otot kulite, katon isih puluhan taun umure. “Prak… prak… prak”. Kayu kang diametere puluhan sentimeter iku bakal dadi kayu bakar ing pawon sedhela maneh. Pawongan iku sregep tandang gawe lan seneng tetulung saengga disenengi wong-wong ing kampunge. Wiwit cilik dheweke diundang Sondo utawa Sondong. Sondo tansah kepengin nyenengake wong tuwane.
            Nalika samono Sondo mlebu alas Padas  kang kondhang angkere, rungkut, lan akeh kewan alas kang galak. Hawane peteng, angine banter, lan swarane bledheg pating gleger. Dumadakan, ana pawongan njaluk pitulungan sajroning alas mau. Sondo banjur nggoleki sumbere swara iku. Sepira kagete bareng weruh pawongan iku, jebule Koro kancane dhewe lagi pringisan gobres getih. Sondo banjur ngulungake wedang putih sing digawa lan enggal-enggal nambani tatune Koro sing lara. Sondo lan Koro iku pancen kanca raket wiwit cilik.  Wong loro mau kerep mlebu metu tlusukan alas. Lan kekarone duweni pepinginan dadi satria bisa ilmu silat kanggo kemajuan desane.
Nalika Sondo lan Koro lagi rembugan, dumakan salah sijine murid Ki Plapar teka lan ndhawuhi supaya gelem maguru ing Padhepokan Padas Plapar. Kekarone sarujuk lan wekasane dadi muride Ki Plapar kang pinunjul. Saya suwe ngelmune tambah dhuwur. Sondo lan Koro bali ing desane. Kekarone dadi panutan ing desane. Sondo duwe garwa lan mbangun desa liya, semono uga Koro.
Ing sawijining dina putrine Kyai Sondo kang aran Sri Widowati ketemu Tumenggung Joyo Lelono kang lagi mburu kijang ana tengah alas. Tumenggung Joyo Lelono duwe pepenginan nggarwa Sri Widowati, sabanjure ora let suwe nglamar putrine Kyai Sondo mau. Tumenggung Joyo Lelono seneng banget atine awit Kyai Sondo nyarujuki panglamare lan wis katemtokake dina nikahe yaiku Senen Legi.
Tumenggung Joyo Lelono banjur mlebu alas maneh beburu kijang incerane. Nalika arep manah kijang mau dumadakan tumeka bayangan wong wadon kang ayu rupane. Dheweke ngira yen pawongan iku Sri Widowati. Nanging nalika ditututi nganti tumeka omahe, pranyata pawongan iku putrine Kyai Koro. Kaya-kaya lali pinangane Sri Widowati, Tumenggung Joyo Lelono  nglamar putri mau lan Kyai Koro nyarujuki.
Dina candhake, Kyai Koro ndhawuhi putrine ing daleme Kyai Sondo. Putrine pancen akrab karo Sri Widowati. Kekarone katon padha ayune, sregep, lan manut dhawuhe wong tuwa. Nalika padha tukar seserepan ngenani pemudha, kekarone kaget pranyata dilamar dening pemudha kang padha yaiku Tumenggung Joyo Lelono. Pungkasane, prakara iku ndandekake congkrahe Kyai Sondo lan Kyai Koro, sing maune memitran kenthel saiki memungsuhan.
Perang klakon kedadeyan. Kyai Sondo rumasa ajining dhirine diidak-idak lan Kyai Koro rumasa pacangane anake direbut Sri Widowati. Kekarone padha muntap, adu kadigdayan lan kasekten nganti pirang-pirang dina. Para warga desa ora ana sing wani misah lan nengahi pendhekar sakloron mau. Para putrine uga ora bisa menggak wong tuwane, anane mung wedi lan padha tangisan. Telung minggu suwene pendhekar sakloron tansah ngumbar hawa nepsu angkara murka lan nglalekake anggone memitran, paseduluran nalika nalika samono. Genep 40 dina 40 bengi, keajaiban klakon. Kyai Sondo lan Koro klelep njroning bumi. Ora ana sing kalah lan ra ana sing dadi pemenang, amarga kekarone padha digdayane. Babar pisan ora ana sing mangerteni ing ngendi musprane lan dununge wong sekti sakloron mau saiki.
Sabanjure, papan pertempuran pendhekar sakloron mau kang dadi cikal bakal Desa Sondokoro,  gabungan antane jeneng loro yaiku Sondo lan Koro. Ing wektu candhake, KPAA Mangkunegoro IV ngowahi Sondokoro dadi Tasikmadu kanthi pangajab asil gula saka pabrik diiripake danau madu. Nganti saprene, pabrik kang dadi andhalan lan bombonge warga Karanganyar, Jawa Tengah, iki isih produktif. Kebanggaan liyane, kapemilikan pabrik  tuwa iki ora nate kesenggol dening campur tangan pihak asing nanging tansah dikelola dening warga pribumi desane dhewe.
Sajroning perkembangan jaman, Tasikmadu didadekakke minangka jeneng kecamatan ing Kabupaten Karanganyar. Dene Sondoro  saiki kawentar minangka aran papan wisata lan taman rekreasi sing ana lingkungan Pabrik Gula Tasikmadu. Ing area rekreasi iku, ana kolam renang Sri Widowati  – jeneng kang dijupuk saka putri Kyai Sondo. Wondene petilasan Sondokoro dhewe dipercaya dumunung ing sisih kidule kolam renang mau.

Asal- usule Kutha Kaliwungu ana ing Kabupaten Kendal

  Asal-usule jeneng KuthaKaliwungu iku miturut cerita turun temurun saka getihe Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo kang blaber ana ing kali lan banyu kali mau wernane malih wungu. Ceritane Sunan katong iku petinggi ana ing sawijining kerajaan saka negeri cina, teka ana ing tlatah kaliwungu arep nyebarake agama islam ing Kaliwungu. Dene Pangeran Pakuwojo iku uga mantan petinggi Kadipaten bawah  kerajaan majapahit kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu ing wektu kuwi. Ana ing sawijining dina antarane Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo ana kesalah-pahaman. Pangeran Pakuwojo nesu ora karu-karuan marang anak wadone kang ora gelem miturit apa karepe Pangeran Pakuwojo. Banjur anake Pangeran Pakuwojo mau lunga saka omah lan njaluk perlindungan karo Sunan Katong. Kanepsone Pangeran Pakuwojo saya ndodro amarga ngerti yen anak ana sing melindungi yaiki Sunan Katong. Miturut Pangeran Pakuwojo Manawa wis wani mlindungi anake berarti nantang deweke. Senjata kerise Pangeran Pakuwojo wis lolos saka rangkane lan kanthi kanepson kang makantar-kantar langsung nancepake keris mau ana ing awake pawongan kang nglindungi anake wadon mau, yo ora liyo yaiku Sunan Katong. Sunan katong iku sejatine gurune Pangeran Pakuwojo, berarti Pangeran Pakuwojo mateni gurune dewe. Sakwise sadar lan deleng Manawa kang dipateni iku ora liyo yo gurune dewe, sak nalika awake Pangeran Pakuwojo awake lemes. Sak nalika iku Pangeran Pakuwojo nyuwun pangapura marang guruneiku, lan marani gurune iku mau terus sujud ana ing samparane utawa sikile Sunan Katong. Kanthi  sisa tenaga kang isih Sunan Katong Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo mati sampyuh. Sanajan Pangeran Pakuwojo iku muride Sunan Katong ananging Pangeran Pakuwojo iku wis nalingsir saka bebener amarga deweke wis melu lan nyinau ilmu  hitam. Dadi  rong pawongan kang beda aliran iku mati bareng yaiku aliran putih lan aliran hitam.
            Getih kang metu saka awake Sunan katong wernane putih lan getih kang metu saka Pangeran pakuwojo  wernane abang  semu ireng amarga deweke wis nyinau ilmu hitam utawa ngilmu ireng. Getihe Sunun Katong lan Pangeran Pakuwojo mau nyampur dadi siji yaiku getih putih campur karo getih sing wernane abang semu ireng. Getih mau mblaber ana ing sawijining  kali sing wernane  malih dadi wungu. Ana ing  akhire zaman  panggonan iku diarani Kaliwungu saka tembung “kali” yaiku panggonan kanggo perang antarane Sunan Katong karo pangeran Pakuwojo ana ing sacedake sawijining kali. Tembung  “Wungu” yaiku getih kang mbleber ana ing sawijining kali yaiku getihe Sunan Katong kang wernane putih lan getihe Pangeran Pakuwojo kang wernane abang semu ireng kang campur dadi siji ndadekake kali mau wernane dadi wungu. Iku mau asal-usule salah sijine tlatah ana ing kabupaten Kendal yaiku Kutha Kaliwungu.

ASAL USULING SUKOHARJO

Kala rumiyin asal-usuling kutha Sukoharjo wonten gegayutanipun kaliyan pindhahipun kraton Kartosura dhateng desa Sala, amargi geger pacinan. Wekdal menika paprentahan Sri Susuhunan Pakubuwono II. Pindhahipun menika saking pramayogi saking para sesepuh, Amargi kraton dipun anggep sampun kecampuran pemberontak.
     Sesampunipun Nampi pamrayogi utawi pitutur saking sesepuh kraton, Sri Susuhunan ngawontenaken perembugan Kyai Yosodipura, Kyai Tohjoyo, saha pangeran Wijil. Kyai Tohjoyo paring pitedah menawi tlatah utawi  wewengkon benjang ingkang kangge kraton benjang saget ndugekaken karaharjan (Sukoraharjo). Kyai Yosodipura sarujuk saha paring iguh pratikel bilih tlatahipun mbenjangipun tlatah  ingkang mambet wangi (Talawangi).
     Sri Susuhunan sarujuk lajeng paring prentah dhumateng Pangeran Wijil pados panggenan kraton ingkang enggal. Pangeran Wijil nglampahi jejibahan damel kelompok. Kelompok sepisan dipunpandhegani Suranata, Kyai Khalifah Buyut saha Mas Penghulu Pekik Ibrahim. Kelompok dipunpandhegani dening RadenTumenggung Honggowongso saha Tumenggung Tirwiguna.
     Nuju satunggaling dinten, sesampunipun mlampah pinten-pinten dinten, kelompok kalih nemokaken panggenan ingkang dipunanggep cocok dipunedegaken kraton enggal. Sanesipun nemtokaken panggenan kraton, kalih Senapati kasebut ugi nyiapaken sedaya ubarampe kangge ngedekaken kraton, kadosta papan kangge bacira ngayun (alun-alun ngajeng), bacira pungkuran (alun-alun wingking), papan damel senjata (pande), papan kangge damel wrangka keris (Mranggen), papan para istri raja, saha papan kangge kandhang gajah kangge titihan raja.
     Sesampunipun sedaya rampung, piyambakipun nglapuraken asilipun. Sri Susuhunan nyuwun iguh pratikel para sesepuh ingkang kanyata ugi njurung asil kasebut. Namung miturut Kyai Yosodipura tlatah kasebut babagan keamanan boten cocok kabangun kraton, amargi tlatah menika caket kaliyan markasipun Pangeran Sambernyawa wonten Nglaroh. Ing wekdal  menika nembe boten sreg utawi boten cocog utawi pasedherekanipun nembe congkrah kaliyan Sri Susuhunan.
     Lajeng, Sri Susuhunan Pakubuwono II mrentahaken pados Tlatah sanesipun, mrentahaken pados tlatah sanesipun, sinaosa tlatah ingkang dipunpitados Tumenggung Honggowongso dados tlatah sukoraharjo mboten siyos dipunbangun kraton, lajeng hasil panaliten kaserat dados asal-usuling name kitha Sukoharjo, lajeng tlatah kala rumiyin ingkang badhe kangge panggenan wantilan (kandhang) gajah samenika dados desa Begajah.Panggenan  ingkang kangge damel sanjata (pande) dados desa pandean. Panggenan kangge damel wrangka keris (mranggen) dados desa Mranggen. Tlatah kangge para istri (selir) raja dados desa Seliran. Panggenan wiyar bacira pungkuran samenika dados alun-alun Satyanegara, lajeng tlatah ingkang kangge bacira ngayun samena kangge kantor Kodim 9726 Sukoharjo saha mesjid kotaa.
     Mekaten asal-usuling Sukoharjo ingkang saking tembung Sukoraharjo ingkang tegesipun tlatah ingkang maringi karaharjan. Sinaosa wonten crita rakyat boten dipunsebatken namunasal-usuling tetep saget dipunrunut.

ASAL USUL DUSUN NGROTO

ASAL USUL DUSUN NGROTO
            Wonten ing Tlatah Persia, rumiyin wonten setunggal kaluwarga inggih punika kaluwarganipun Nyi Syamsiah, Nyi Syamsiyah kagungan putra ingkang nami Kyai Abdurrahman Ganjur. Kaluwarga kalawau sampun dangu dipuntilar dening ramanipun amargi ramanipun tindak dhateng tlatah Jawi. Saksampunipun Kyai Abdurrohman Ganjur dhiwasa, Kyai Abdurrohman Ganjur kaliyan ibunipun, tindak dateng Jawi saperlu madosi ramanipun. Wonten ing Jawi Kyai Abdurrohman Ganjur kaliyan ibunipun maguru dhateng Sunan Kalijaga. Sampun sawetawis, Kyai Abdurrohman Ganjur emut kaliyan ancasipun tindak dhateng tanah Jawi saperlu madosi ramanipun. Pramila Kyai Abdurrohman Ganjur lajeng pamitan kaliyan ibunipun ugi nyuwun pangestu dhateng Kanjeng Sunan . Kyai Abdurrohman Ganjur taksih yakin menawi ramanipun taksih wonten ing tlatah Jawi, dereng kondur dhateng Persia. Mireng caryosipun Kyai Abdurrohman Ganjur, Kanjeng Sunan trenyuh, Kyai Abdurrohman Ganjur  dipundhawuhi nyisiri Kali Tuntang, amargi mbenjang sanes wekdal ramanipun mesthi miyos mrika. Kali Tuntang kalawau sapinggiripun kathah dipuntuwuhi wit glagah.
            Saksampunipun nyuwun pamit dhateng ibu kaliyan Kanjeng Sunan, Kyai Abdurrohman Ganjur lajeng tindak kanthi prahu nyisiri Kali Tuntang. Saksampunipun dumugi wonten panggenan ingkang dipuntedahaken Kanjeng Sunan, Kyai abdurrohman Ganjur lajeng mandhap, ugi ndamel gubug sapinggiripun kali kalawau supados menawi mangke ramanipun miyos mangertos.
Gubug ingkang sampun dipundamel kalawau yektosipun caket kaliyan pedhukuhan. Ingkang kala rumiyin panggenan punika asring dipunsinggahi santrinipun Sunan Kalijaga wekdal ngawal rakit. Matahun-tahun Kyai Abdurrohman Ganjur manggen wonten pedhukuhan kalawau, saperlu nengga miyosipun ramanipiun kaliyan mulang ngaji dhateng warga padhukuhan  punika ugi padhukuhan sanes-sanesipun. Saksampunipun nengga matahun-tahun, ing setunggaling dinten wonten setunggal tiyang kados kyai, ingkang nembe nitih rakit wonten ing Kali Tuntang. Rakit ingkang nembe dipuntitihi kalawau mboten mangertos lajeng mandheg piyambak, mboten mangertosa rakit kalawau kenging tunggak, lajeng Kyai Abdurrohaman Ganjur mbiyantu teras pitepangan. Mboten dinyana ingkang nembe kemawon pitepangan kalawau inggih punika ramanipun piyambak. Kyai Abdurrohman Ganjur remen sanget, lajeng ngajak kaliyan ramanipun supados manggen wonten ing padhukuhan punika, namung amargi ramanipun taksih kagungan jejibahan dhateng Demak, ramanipun lajeng nerasaken lampah dhateng Demak. Wondene Kyai Abdurrohman Ganjur tetep wonten padhukuhan punika saperlu ngulang ngaji, ibunipun utawi Nyi Syamsiah ugi pungkasanipun nyusul dhateng padhukuhan kalawau, kempal malih kaliyan putranipun. Padhukuhan kalawau dangu-dangu dados padhukuhan ingkang rame. Amargi panggenanipun wonten ing sapinggiripun Kali Tuntang ingkang kathah dipuntuwuhi wit glagah kanthi roto (rata) pramila panggenan kalawau dipunparingi tenger Roto lajeng dados Ngroto. Sakmenika Dhusun Ngroto dados dhusun ingkang rame ugi panggenan ingkang misuwur dhusun santri amargi kathah tiyang ingkang ngudi ilmu agami (mondhok) saking tlatah sanes-sanesipun

ASAL USUL DESA SEDAN ING KABUPATEN REMBANG

Rikala jaman semana para wali nyebarake agama Islam ing tlatah Jawa, sakdurunge kabeh nganut agama Hindu. Wektu iku panguwasa isih diwengku dening raja ing Majapahit yaiku Prabu Brawijaya V. Sakwetara wilayah kabupaten Rembang rikala semana isih akeh daerahe sing awujud alas. Penduduk uripe nggrombol ing padesan cilik tur sepi. Ing kahanan kang kaya mangkono teka nom-noman kang manggon ing alas kono banjur netep mbangun omah kang jarake saka pesisir lor antarane 10 km arah ngidul. Sakbanjure ing panggonan kang isih wujud alas kuwi, nom-noman lanang mau ngajak wong-wong kang ditemoni supaya melu nyinaoni lan nglakoni syariat Islam. Tambah dina tambah akeh wong-wong sing melu pangajake pengembara mau kang ora liya sawijining Syayid.
Padesan kang maune sepi sansaya suwe sansaya reja amarga akeh ditekani wong-wong manca saperlu meguru marang syayid. Sakwise ditekani wong-wong saka mancakang meguru marang Syayid, Syayid kuwi banjur netep manggon ing kono. Alas kang maune gung liwang Liwung ewah dadi desa kang gedhe, akeh penduduke. Cekak aosing crita, Syayid sing maune pengembara malih dadi panguwasa ing panggonan kang anyar. Banjur ora suwe dadi padesan kang rame. Sing diwenehi sebutan Syayidan. Kang ateges papan kang dipanggoni dening sawijining Syayid.
Tindak tanduk lan subasitane Syayid patut kanggo tuladha kang becik kanggo warga sakiwa tengene. Sawijining dina Syayid nandang lara banjur tilar donya. Kabeh pengikute lan penduduk sakiwa tengene ngelingi lelabuhane Syayid sing apik, senadyan wis tilar donya tetep dadi pepeling. Layone dikubur cedak karo omahe banjur kuburane ditanduri wit jati lan dikeramatke ora tau ditebang. Wektu lumaku terus, ora krasa puluhan taun kuburane Syayid angker. Papane  manggon kapernah 300 meter arah ngalor saka pasar Sedan. Sebutan Sedan iku sal mulane saka tembung Syayidan kang tegese Syayid. Kanggo ngeling  jasa-jasane Syayid nganti seprene desa Sedan isih ana.

Tembang Macapat

1. MIJIL
Mijil artinya lahir. Hasil dari olah jiwa dan raga laki-laki dan perempuan menghasilkan si jabang bayi. Setelah 9 bulan lamanya berada di rahim sang ibu, sudah menjadi kehendak Hyang Widhi si jabang bayi lahir ke bumi. Disambut tangisan membahana waktu pertama merasakan betapa tidak nyamannya berada di alam mercapadha. Sang bayi terlanjur enak hidup di zaman dwaparayuga, namun harusnetepi titah Gusti untuk lahir ke bumi. Sang bayi mengenal bahasa universal pertama kali dengan tangisan memilukan hati. Tangisan yang polos, tulus, dan alamiah bagaikan kekuatan getaranmantra tanpa tinulis. Kini orang tua bergembira hati, setelah sembilan bulan lamanya menjaga sikap dan laku prihatin agar sang rena (ibu) dan si ponang (bayi) lahir dengan selamat. Puja puji selalu dipanjat agar mendapat rahmat Tuhan Yang Maha Pemberi Rahmat atas lahirnya si jabang bayi idaman hati.
Tembang Mijil ngemu sifal : prihatin, ngemurasa, lega
Tembang macapat mijil laras pelog pathet barang  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
2. MASKUMAMBANG
Setelah lahir si jabang bayi, membuat hati orang tua bahagia tak terperi. Tiap hari suka ngudang melihat tingkah polah sang bayi yang lucu dan menggemaskan. Senyum si jabang bayi membuat riang bergembira yang memandang. Setiap saat sang bapa melantunkan tembang pertanda hati senang dan jiwanya terang. Takjub memandang kehidupan baru yang sangat menantang. Namun selalu waspada jangan sampai si ponang menangis dan demam hingga kejang. Orang tua takut kehilangan si ponang, dijaganya malam dan siang agar jangan sampai meregang. Buah hati bagaikan emas segantang. Menjadi tumpuan dan harapan kedua orang tuannya mengukir masa depan. Kelak jika sudah dewasa jadilah anak berbakti kepada orang tua, nusa dan bangsa.
Tembang maskumambang ngemu sifat : ngeres, nelangsa.
Tembang  macapat maskumambang laras pelog pathet barang  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=lf0J-syqwRU 
3. KINANTI
Semula berujud jabang bayi merah merekah, lalu berkembang menjadi anak yang selalu dikanthi-kanthi kinantenan orang tuannya sebagai anugrah dan berkah. Buah hati menjadi tumpuan dan harapan. Agar segala asa dan harapan tercipta, orang tua selalu membimbing dan mendampingi buah hati tercintanya. Buah hati bagaikan jembatan, yang dapat menyambung dan mempererat cinta kasih suami istri. Buah hati menjadi anugrah ilahi yang harus dijaga siang ratri. Dikanthi-kanthi (diarahkan dan dibimbing) agar menjadi manusia sejati. Yang selalu menjaga bumi pertiwi.
Tembang kinanthi ngemu sifat : tresna, asih, seneng.
Tembang  macapat kinanthi laras slendro pathet manyura  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=_rIKQWi46Yc 
4. SINOM
Sinom isih enom. Jabang bayi berkembang menjadi remaja sang pujaan dan dambaan orang tua dan keluarga. Manusia yang masih muda usia. Orang tua menjadi gelisah, siang malam selalu berdoa dan menjaga agar pergaulannya tidak salah arah. Walupun badan sudah besar namun remaja belajar hidup masih susah. Pengalamannya belum banyak, batinnya belum matang, masih sering salah menentukan arah dan langkah. Maka segala tindak tanduk menjadi pertanyaan sang bapa dan ibu. Dasar manusia masih enom (muda) hidupnya sering salah kaprah.
Tembang sinom ngemu sifat : grapyak.
Tembang  macapat sinom laras pelog pathet 6  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
5. DHANDHANGGULA
Remaja beranjak menjadi dewasa. Segala lamunan berubah ingin berkelana. Mencoba hal-hal yang belum pernah dirasa. Biarpun dilarang agama, budaya dan orang tua, anak dewasa tetap ingin mencobanya. Angan dan asa gemar melamun dalam keindahan dunia fana. Tak sadar jiwa dan raga menjadi tersiksa. Bagi anak baru dewasa, yang manis adalah gemerlap dunia dan menuruti nafsu angkara, jika perlu malah berani melawan orang tua. Anak baru dewasa, remaja bukan dewasa juga belum, masih sering terperdaya bujukan nafsu angkara dan nikmat dunia. Sering pula ditakut-takuti api neraka, namun tak akan membuat sikapnya  menjadi jera. Tak mau mengikuti kareping rahsa, yang ada selalu nguja hawa. Anak dewasa merasa rugi bila tak mengecap manisnya dunia. Tak peduli orang tua terlunta, yang penting hati senang gembira. Tak sadar tindak tanduknya bikin celaka, bagi diri sendiri, orang tua dan keluarga. Cita-citanya setinggi langit, sebentar-sebentar minta duit, tak mau hidup irit. Jika tersinggung langsung sengit. Enggan berusaha yang penting apa-apa harus tersedia. Jiwanya masih muda, mudah sekali tergoda api asmara. Lihat celana saja menjadi bergemuruh rasa di dada. Anak dewasa sering bikin orang tua ngelus dada. Bagaimanapun juga mereka buah dada hati yang dicinta. Itulah sebabnya orang tua tak punya rasa benci kepada pujaan hati. Hati-hati bimbing anak muda yang belum mampu membuka panca indera, salah-salah justru bisa celaka semuanya
Tembang dhandhanggula ngemu sifat : luwes, ngresepake.
Tembang  macapat dhandhanggula laras pelog pathet 6  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=cU7srYIlToI 
6. ASMARANDANA
Asmaradana atau asmara dahana yakni api asmara yang membakar jiwa dan raga. Kehidupannya digerakkan oleh motifasi harapan dan asa asmara. Seolah dunia ini miliknya saja. Membayangkan dirinya bagaikan sang pujangga atau pangeran muda. Apa yang dicitakan haruslah terlaksana, tak pandang bulu apa akibatnya. Hidup menjadi terasa semakin hidup lantaran gema asmara membahana dari dalam dada. Biarlah asmara membakar semangat hidupnya, yang penting jangan sampai terlena. Jika tidak, akan menderita dikejar-kejar tanggungjawab hamil muda. Sebaliknya akan hidup mulia dan tergapai cita-citanya. Maka sudah menjadi tugas orang tua membimbing mengarahkan agar tidak salah memilih idola. Sebab sebentar lagi akan memasuki gerbang kehidupan baru yang mungkin akan banyak mengharu biru. Seyogyanya suka meniru tindak tanduk sang gurulaku, yang sabar membimbing setiap waktu dan tak pernah menggerutu. Jangan suka berpangku namun pandailah  memanfaatkan waktu. Agar cita-cita dapat dituju. Asmaradana adalah saat-saat yang menjadi penentu, apakah dirimu akan menjadi orang bermutu, atau polisi akan memburu dirimu. Salah-salah gagal menjadi menantu, malah akan menjadi seteru.
Tembang asmarandana ngemu sifat : kesemsem.
Tembang  macapat asmarandana laras slendro barang miring  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=BQLaDuVIUJU 
7. GAMBUH
Gambuh atau Gampang Nambuh, sikap angkuh serta acuh tak acuh, seolah sudah menjadi orang yang teguh, ampuh dan keluarganya tak akan runtuh. Belum pandai sudah berlagak pintar. Padahal otaknya buyar matanya nanar merasa cita-citanya sudah bersinar. Menjadikannya tak pandai melihat mana yang salah dan benar. Di mana-mana ingin diakui bak pejuang, walau hatinya tak lapang. Pahlawan bukanlah orang yang berani mati, sebaliknya berani hidup menjadi manusia sejati. Sulitnya mencari jati diri kemana-mana terus berlari tanpa henti.  Memperoleh sedikit sudah dirasakan banyak, membuat sikapnya mentang-mentang bagaikan sang pemenang. Sulit mawas diri, mengukur diri terlalu tinggi. Ilmu yang didapatkannya seolah menjadi senjata ampuh tiada tertandingi lagi. Padahal pemahamannya sebatas kata orang. Alias belum bisa menjalani dan menghayati. Bila merasa ada  yang kurang, menjadikannya sakit hati dan rendah diri. Jika tak tahan ia akan berlari menjauh mengasingkan diri. Menjadi pemuda pemudi yang jauh dari anugrah ilahi. Maka, belajarlah dengan teliti dan hati-hati. Jangan menjadi orang yang mudah gumunan dan kagetan. Bila sudah paham hayatilah dalam setiap perbuatan. Agar ditemukan dirimu yang sejati sebelum raga yang dibangga-banggakan itu menjadi mati.
Tembang gambuh ngemu sifat : semanak, lucu, guyon.
Tembang  macapat gambuh laras pelog pathet 6  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=RwA2Cw9ZuZM 
8. DURMA
Munduring tata krama. Dalam cerita wayang purwa dikenal  banyak tokoh dari kalangan “hitam” yang jahat. Sebut saja misalnya Dursasana, Durmagati,Duryudana. Dalam terminologi Jawa dikenal berbagai istilah menggunakan suku kata dur/ dura (nglengkara) yang mewakili makna negatif (awon). Sebut saja misalnya : duraatmoko, duroko, dursila, dura sengkara, duracara (bicara buruk), durajaya,dursahasya, durmala, durniti, durta, durtama, udur, dst.  Tembang Durma, diciptakan untuk mengingatkan sekaligus  menggambarkan keadaan manusia yang cenderung berbuat buruk atau jahat. Manusia gemar udur atau cekcok, cari menang dan benernya sendiri, tak mau memahami perasaan orang lain. Sementara manusia cendrung mengikuti hawa nafsu yang dirasakan sendiri (nuruti rahsaning karep). Walaupun merugikan orang lain tidak peduli lagi. Nasehat bapa-ibu sudah tidak digubris dan dihiraukan lagi. Lupa diri selalu merasa iri hati. Manusia walaupun tidak mau disakiti, namun gemar menyakiti hati. Suka berdalih niatnya baik, namun tak peduli caranya yang kurang baik. Begitulah keadaan manusia di planet bumi, suka bertengkar, emosi, tak terkendali, mencelakai, dan menyakiti. Maka hati-hatilah, yang selalu eling dan waspadha.
Tembang durma ngemu sifat : galak, nesu.
Tembang  macapat durma laras pelog pathet barang  dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=ThrQDabn8Cc 
9. PANGKUR
Bila usia telah uzur, datanglah penyesalan. Manusia menoleh kebelakang (mungkur) merenungkan apa yang dilakukan pada masa lalu. Manusia terlambat mengkoreksi diri, kadang kaget atas apa yang pernah ia lakukan, hingga kini yang ada  tinggalah menyesali diri. Kenapa dulu tidak begini tidak begitu. Merasa diri menjadi manusia renta yang hina dina sudah tak berguna.  Anak cucu kadang menggoda, masih meminta-minta sementara sudah tak punya lagi sesuatu yang berharga. Hidup merana yang dia punya tinggalah penyakit tua. Siang malam selalu berdoa saja, sedangkan raga tak mampu berbuat apa-apa.  Hidup enggan mati pun sungkan. Lantas bingung mau berbuat apa. Ke sana-ke mari ingin mengaji, tak tahu jati diri, memalukan seharusnya sudah menjadi guru ngaji. Tabungan menghilang sementara penyakit kian meradang. Lebih banyak waktu untuk telentang di atas ranjang. Jangankan teriak lantang, anunya pun sudah tak bisa tegang, yang ada hanyalah mengerang terasa nyawa hendak melayang. Sanak kadhang enggan datang, karena ingat ulahnya di masa lalu yang gemar mentang-mentang. Rasain loh bentar lagi menjadi bathang..!!
Tembang pangkur ngemu sifat : nepsu kang prihatin.
Tembang  macapat pangkur laras pelog pathet 6 dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=2ilg05pAVoI 
10. MEGATRUH
Megat ruh, artinya putusnya nyawa dari raga. Jika pegat tanpa aruh-aruh. Datanya ajal akan tiba sekonyong-konyong. Tanpa kompromi sehingga manusia banyak yang disesali.  Sudah terlambat untuk memperbaiki diri. Terlanjur tak paham jati diri. Selama ini menyembah tuhan penuh dengan pamrih dalam hati, karena takut neraka dan berharap-harap pahala surga. Kaget setengah mati saat mengerti kehidupan yang sejati. Betapa kebaikan di dunia menjadi penentu yang sangat berarti. Untuk menggapai kemuliaan yang sejati dalam kehidupan yang azali abadi. Duh Gusti, jadi begini, kenapa diri ini sewaktu masih muda hidup di dunia fana, sewaktu masih kuat dan bertenaga, namun tidak melakukan kebaikan kepada sesama. Menyesali diri ingat dulu kala telah menjadi durjana. Sembahyangnya rajin namun tak sadar sering mencelakai dan menyakiti hati sesama manusia. Kini telah tiba saatnya menebus segala dosa, sedih sekali ingat tak berbekal pahala. Harapan akan masuk surga, telah sirna tertutup bayangan neraka menganga di depan mata. Di saat ini manusia baru menjadi saksi mati, betapa penyakit hati menjadi penentu dalam meraih kemuliaan hidup yang sejati. Manusia tak sadar diri sering merasa benci, iri hati, dan dengki. Seolah menjadi yang paling benar, apapun tindakanya ia merasa paling pintar,  namun segala keburukannya dianggapnya demi membela diri.  Kini dalam kehidupan yang sejati, sungguh baru bisa dimengerti, penyakit hati sangat merugikan diri sendiri. Duh Gusti…!
Tembang megatruh ngemu sifat : getun, nglangut.
Tembang  macapat megatruh laras pelog pathet barang dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=0TX1E-9vmxQ 
11. POCUNG
Pocung atau pocong adalah orang yang telah mati lalu dibungkus kain kafan. Itulah batas antara kehidupan mercapadha yang panas dan rusak dengan kehidupan yang sejati dan abadi. Bagi orang yang baik kematian justru menyenangkan sebagai kelahirannya kembali, dan merasa kapok hidup di dunia yang penuh derita. Saat nyawa meregang, rasa bahagia bagai lenyapkan dahaga mereguk embun pagi. Bahagia sekali disambut dan dijemput para leluhurnya sendiri. Berkumpul lagi di alam yang abadi azali. Kehidupan baru setelah raganya mati.
Tak terasa bila diri telah mati. Yang dirasa semua orang kok tak mengenalinya lagi. Rasa sakit hilang badan menjadi ringan. Heran melihat raga sendiri dibungkus dengan kain kafan.  Sentuh sana sentuh sini tak ada yang mengerti. Di sana-di sini ketemu orang yang menangisi. Ada apa kok jadi begini, merasa heran kenapa sudah bahagia dan senang kok masih ditangisi. Ketemunya para kadhang yang telah lama nyawanya meregang. Dalam dimensi yang tenang, hawanya sejuk tak terbayang. Kemana mau pergi terasa dekat sekali. Tak ada lagi rasa lelah otot menegang. Belum juga sadar bahwa diri telah mati. Hingga beberapa hari barulah sadar..oh jasad ini telah mati. Yang abadi tinggalah roh yang suci.
Sementara yang durjana, meregang nyawa tiada yang peduli. Betapa sulit dan sakit meregang nyawanya sendiri, menjadi sekarat yang tak kunjung mati. Bingung kemana harus pergi, toleh kanan dan kiri  semua bikin gelisah hati.  Seram mengancam dan mencekam. Rasa sakit kian terasa meradang. Walau mengerang tak satupun yang bisa menolongnya. Siapapun yang hidup di dunia pasti mengalami dosa. Tuhan Maha Tahu dan Bijaksana tak pernah luput menimbang kebaikan dan keburukan walau sejumput. Manusia baru sadar, yang dituduh kapir belum tentu kapir bagi Tuhan, yang dianggap sesat belum tentu sesat menurut Tuhan.  Malah-malah yang suka menuduh  menjadi tertuduh. Yang suka menyalahkan justru bersalah. Yang suka mencaci dan menghina justru orang yang hina dina. Yang gemar menghakimi orang akan tersiksa. Yang suka mengadili akan diadili. Yang ada tinggalah rintihan lirih tak berarti, “Duh Gusti pripun kok kados niki…! Oleh sebab itu, hidup kudu jeli, nastiti, dan ngati-ati. Jangan suka menghakimi orang lain yang tak sepaham dengan diri sendiri. Bisa jadi yang salah malah pribadi kita sendiri. Lebih baik kita selalu mawas diri, agar kelak jika mati arwahmu tidak nyasar menjadi memedi.
Tembang pocong ngemu sifat :
Tembang  macapat pocong laras slendro pathet manyura dengan titilaras dan cakepan dapat di down load pada link di bawah ini :
http://www.youtube.com/watch?v=n3sSYOBdtu8

Kamis, 28 November 2013

KI AGENG KEDUNGSARI

Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki Ageng Kedungsari.
Krungu mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.
Pangandikane Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah. Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke nglilakake gajahe kanggo mas kawin.
Banjur warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng Menawan entuk gajahe.
Ora let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah kuwasane wong liya.
Nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk bokong lan buntute.
Saka prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.